Pangkur
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Pangkur iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak munggah ndhuwur. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akeh maneka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyane.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Dudu Tembang Pangkur
[sunting] Pranata Praja Jawa Kuna
Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijine pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora entuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga dening para arkeolog, yen mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajek.
[sunting] Desa ing Tumapel
Yen dideleng ing crita Ken Arok utawa Ken Angrok, ana desa kang dadi asale Ken Endok, yaiku desa Pangkur. Ing desa iki Ken Arok nglakoni jaman cilike.
[sunting] Tumpeng
Ana salah sijine tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawe yen ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa menyang kuburan.
[sunting] Metrum
Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait)
- 8 - a
- 11- i
- 8 - u
- 7 - a
- 12- u
- 8 - a
- 8 - i
[sunting] Tuladha
- Sekar Pangkur kang winarna
- lelabuhan kang kanggo wong aurip
- ala lan becik puniku
- prayoga kawruhana
- adat waton puniku dipun kadulu
- miwa ingkang tatakrama
- den keesthi siyang ratri
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
|
|
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung |
|
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh |
|
Girisa |