Kuñjarakarna
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kuñjarakarna iku sawijining tèks gancaran Jawa Kuna sing nyritaaké raseksa Kunjarakarna kang kepengin ngruwat dadi manungsa. Dheweke banjur ngadhep Bathara Wairocana, pangulune Dhyani Buddha. Sang Bathara akon Kunjarakarna supaya nonton dhisik kahanan neraka. Ing kono raseksa mau dikatonaké déning Bathara Yamadipati kang nontonake sakabèhing pasiksan.
Pungkasané Kunjarakarna ngadhep Wairocana lan nampa piwulang. Sabanjuré bisa dadi manungsa kang èndah ing rupa.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Ringkesan
Sawijining dina, Kuñjarakarna agentur tapa ing gunung Mahameru supaya ing kalairan sabanjuré bisa tumitis dadi manungsa sing rupané bagus. Mula dhèwèké mara sowan marang Wairocana utawi sang Buddha.
Banjur dhèwèké olèh niliki neraka, papané bathara Yama. Ing kono dhèwèké olèh kabar yèn kancané, sang Purnawijaya bakal tilar donya ing wektu pirang dina manèh lan arwahé bakal dipilara lan disiksa ing neraka.
Banjur Kunjarakarna mara ngadhep Wairocana lan nyuwun dispènsasi. Wusanané dhèwèké pareng ngandhani Purnawijaya bab iki. Purnawijaya kagèt yèn diajak mélu ndheleng neraka. Banjur dhèwèké bali menyang bumi lan pamitan karo bojoné.
Wusanané dhèwèké tilar donya tenan, nanging mung disiksa sepuluh dina waé lan ora atusan taun. Banjur dhèwèké olèh bali menyang bumi manèh. Carita iki bubar karo adhegan sang Kunjarakarna mbangun tapa karo Purnawijaya ing imbangé gunung Mahameru.
Piwulang carita: sok sapa sing ngrungokaké lan ngerti perkara dharma, dhèwèké bakal slamet.
[sunting] Conto tèks carita
Jawa Kuna[1] | Jarwa |
---|---|
tan asuwé ring awan, | Ora suwé ing dalan |
dhateng ta ya ring bumipata<l>a, hana ta ya srijati dumilah sadakala lonya sêndriya, sêndriya ngaranya, sôlih ing mata tumingal, hana ta babahan kapanggiha denira sang Kuñjarakarna, inebnya tambaga, lereganya salaka, tuwin ku<ñ>cinya mas, | banjur teka ta ya ing Bumi Patala[2]. Banjur ana ta uwit srijati sing murub terus. Kandhelé saindriya. Tegesé saindriya itu sapandhelengé mata. Saliyané iku sang Kuñjarakarna weruh ana lawang, panèlé saka tembaga, lorogané saka pirak lan kunciné saka emas. |
ta<m>bak lalénya w<e>si, ikang hawan sad<e>pa saroh lonya, | temboké saka wesi, dalané ambané sadhepa lan saroh |
inurap rinata-rata ginomaya ring tahining le<m>bu kanya, | diurapi lan diratan-ratani tinja sapi perawan wadon |
tinaneman ta ya handong bang, kayu puring, kayu masedhang asinang, winoran asep dupa, mrabuk arum ambunika sinawuran kembang ura, pinujan kembang pupungon, | diwèhi tandhuran andong abang, puring lan wit-witan sing nedheng akembang wangi. Ambuné iki awor asep dupa, wangi mrebuk lan disawuri kembang ura. Kembang-kembang sing lagi mekar dicaosaké dadi sajèn pupujan, |
ya ta matanyan maruhun-ruhunan ikang watek papa kabèh winalingnya | mulané wong sing dosa padha mara disik-disikan. Kabèh pikirané padha salah, |
dalan maring swarga ri hidhepnya | dikira dalané menyang sorga. |
[sunting] Cathetan pada
- ↑ Tèks dijupuk saka Van der Molen (1983:148). Pasang aksara tèks iku éjaan kritis.
- ↑ Bumi ngisor utawa neraka
[sunting] Buddha Mahayana
Kitab iki ngandhut piwulang Buddha Mahayana. Piwulang iki tinatah ing relief ing Candhi Jago. Durung ana ahli sing bisa mestheake sapa kang ngarang crita iki. Ing kene mung tinulis yen sing nulis "mpu dhusun".
[sunting] Umur
Sawetara ahli filologi nanggepi umur kitab iki kanthi beda. Kern ngira yen kitab iki seka Jawa Kulon lan seka abad kaping 14. Dene Pigeud nganggep yen Kunjarakarna iki luwih enom tinimbang abad iku. Déné Zoetmulder nganggep yen naskah iki seka jaman Majapahit.
[sunting] Daftar pustaka
- (jv) (nl) J.H.C. Kern, 1901, Kuñjarakarna, Amsterdam
- (jv) (nl) W. van der Molen, 1983, Javaanse tekstkritiek, Leiden:KITLV. VKI 102
[sunting] Delengen uga
- Sang Hyang Kamahayanikan
- Kakawin Kuñjarakarna
- Carita Purnawijaya