Nusantara
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Nusântara, utawa sok-sokan tinulis Nuswantara ing basa Jawa, iku sawijining konsep politik. Tembung iki kabangun saka rong tembung nusa(pulo) lan antara(liya). Ing konsep kanagaran Jawa, praja Karaton dibagi dadi telu:
- Nagara Agung
- Mancanegara
- Nusantara
Nagara Agung iku tlatah saubenging ibukutha Karaton panggonane sang Raja marentah. Mancanegara iku tlatah-talatah ing tanah Jawa lan saubenge sing budayane isih memper Nagara Agung, ing panggonane wis ing "pinggiran". Dideleng saka sudhut pandhang iki, Madura lan Bali iku tlatah "mancanegara". Saliyane iku Lampung lan uga Palembang mbokmenawa isih bisa diarani "mancanegara".
Banjur Nusantara iku tlatah sajabane pengaruh budaya Jawa, anging (kadhang kala) isih diklaim dadi dhaerah jajahan neng endi para paguwasane kudu mbayar upeti.
Ing kanggonan basa modern, tembung "Nusantara" biasane ngarani kapulowan Asia Kidul-Wetan utawa tlatah ing ngendi budaya lan basa Austronesia dilestarekake. Dideleng saka sudhut pandhang iki, Malaysia, Filipina lan mbok menawa Taiwan uga kalebu tlatah Nusantara banjur Papuwa dudu maneh.
[sunting] Uga delengen
- Aksara Nusantara
- Prasasti Nusantara