Pegon
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
[sunting] Bubuka
Huruf Pegon iku huruf Arab utawa luwih pas yen diarani: Huruf Jawi sing diowah-owah lan direka-reka kanggo nulisake basa Jawa. Tembung Pegon jare asale saka basa Jawa pégo sing tegese "ora lumrah". Amerga basa Jawa sing ditulis nganggo huruf Arab dianggep ora lumrah.
Beda karo huruf Jawi, sing ditulis gundul, huruf pegon meh mesthi diwenehi sandhangan swara. Yen ora, ora diarani pegon maneh, ning ya. Vokalitas ing Basa Jawa luwih akeh tinimbang basa Melayu, dadi sandhangan swara perlu tansah ditulis.
Ing ngisor iki daftar huruf-huruf pegon dituduhake. Huruf-huruf sing ora ana ing huruf Arab sing asli, diwehi bundheran.
Huruf-Huruf Pegon
Sandhangan swara huruf Pegon
Huruf pegon ing tanah Jawa utamane digunakake dening kalangan umat Muslim sing taat, utamane dening para santri ing pesantren-pesantren. Biasane iki mung digunakake kanggo nulis komentar ing Al-Qur'an, ing uga akeh naskah-naskah manuskrip carita (kandha) sing kabeh ditulis nganggo pegon. Upamane naskah-naskah Serat Yusup.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Wawacan Sabanjure
- Th. Pigeaud, Literature of Java, volume III, 1970, 76 - 80
- B. Arps, Tembang in Two Traditions, 1992
- Titik Pudjiastuti, Sadjarah Banten, 2000, 94 - 111
Ugi delengen :
- Aksara Jawa
- Aksara Nusantara
- Huruf Jawi