Pisuhan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Pisuhan iku tembung utawa ukara sing umumé kagunakaké kanggo ngècè utawa ngina wong liya. Tembung lan ukara pisuhan iku béda-béda ing antarané basa siji lan basa liyané.
[sunting] Tembung lan pisuhan basa Jawa
Ing basa Jawa, tembung lan ukara sing asring kagunakaké kanggo pisuhan antara liya pérangan awak sing wadi, kéwan, bangsa alus (sétan utawa jim), kahanan sing èlèk lan liya-liyané.
Ing sastra Jawa, tembung lan ukara pisuhan arang kanggo amarga dianggep ora sopan lan ora trap marang kabudayané wong Jawa. Apa manèh akèh sastra Jawa sing thukul saka njero kraton. Nanging ana uga sastra Jawa sing migunakaké pisuhan, upamané Serat Gatholoco.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.