Wartawan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wartawan utawa juru warta iku pagawéyaan utawa profèsi kang ngupaya golèk lan nulis warta. Warta mau ditulis lan kapacak ing medhia massa. Ing patrapané wartawan kapérang manèh dadi pirang-pirang trap. Ing ndonya wartawan, ana kang disebut reporter, yaiku wartawan kang tugasé golèk warta lan dhatané. Reporter mau banjur nglaporaké marang redaktur kang bakal nliti apa kang digawa reporter lan y`´n perlu ngowahi.
Wartawan dituntut objektif, ora mihak marang salah sijiné narasumber. Kanggo njaga bab iki banjur kawetoaké kode etik jurnalistik.