Anila
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Anila iku paraga wayang ing lakon Ramayana. Dheweke awujud wanara biru tuwa. Yen mlaku bisa cepet kaya angin. Anila iku senapati andhelane Sugriwa. Anila cinipta dening Bathara Narada, saengga wujude cilik. Anila diangkat dadi patih ing Kiskendha.
Ing prayudan nyerang Alengka, dheweke ngalahake Prahasta kanthi sanjata tugu seka Dewi Indradi. Seka kadadeyan iki, Dewi Indradi bali maneh dadi widodari.