Prahasta
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Prahasta iku paraga wayang lakon Ramayana kang dadi patih ing Alengka. Dheweke putrane Sumali, raja Alengka sadurunge Rahwana. Prahasta isih sedulure Dewi Sukesi.
Ing paprangan lawan prajurit wanara, Prahasta langsung ngoyak Anila. Anila mlayu nganti tekan pinggir alas wates. Ing kono, Anila kepojok. Kebeneran ana tugu kang banjur dienggo ngepruk Prahasta. Tugu kuwi seka Dewi Indradi kang banjur salin wujud maneh dadi widodari. Prahasta mati sanalika uga kanthi sirah remuk.
Ing versi India, Prahasta iku anake Rahwana, lan mati dening Rama.