Duryodana
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Duryodana | ||
---|---|---|
![]() Duryodana. |
||
Jeneng miturut basa | ||
Basa Sangaskreta | Duryodhana | |
Jeneng miturut aksara | ||
Dewanagari | दुर्योधन | |
aksara Bali | ||
aksara Jawa |
Duryodana utawa Duryudana iku sang Korawa sing utama lan tuwa dhéwé. Watake jujur nanging amarga goblog dadi gampang diapusi lan diojok-ojoki. Raja Astina iki seneng maremke atine dhewe, urip mubra-mubru ora gelem rekasa. Sangkuni tansah bisa gawe Duryudana nglawan Pandhawa. Sangkuni uga kang mbujuk Duryudana ben bisa menang main dhadhu karo Yudhistira lan kraton Astina pindhah tangan menyang Korawa.
[sunting] Putra lan garwa
Duryudana bisa dadi bojone Dewi Banowati kang sulistya. Nanging, Banowati sejatine luwih tresna marang Arjuna. Banowati nglairake anak loro. Akeh sing mawastani yen anak loro iki sejatine dudu anake Duryudana, ana uga kang nyebut yen ramane Lekesmanawati iku Arjuna.
- Leksmana Mandrakumara
- Leksmanawati (ana uga kang nyebut yen mung siji thok, dadi Leskmanawati ora katut).
[sunting] Dasanama
- Detaputra = putra Drestarastra
- Gendarisuta = anak Dewi Gendari
- Jakapitana
- Jakawitana
- Kurupati = raja keluwarga Kuru/Korawa
- Suyudana
- Druyudana (ing Mahabharata)
[sunting] Matine
Ing Bharatayudha, Duryudana dadi senopati Korawa kang pungkasan. Bima kang ngadhepi wektu kuwi lan bola-bali meh kasoran. Pungkasane Bima bisa ngerti yen pengapesane Duryudana ana ing pupune. Duryudana mati kanthi sirah pecah kena gada.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.