Tsunami
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Tsunami (basa Jepang: 津波 sing tegesé harafiah "ombak gedhe ing palabuhan"), iku sawijining ombak sing ana sawisé ana lindhu, gunung geni njeblug, utawa horeging météor sing ngantem tiba ing segara. Tenaga saben tsunami iku tetep, fungsi dhuwur lan lajuné. Mula yèn glombang ngampiri panté pasisir, dhuwuré saya tambah kamangka lajuné mudhun. Glombang iku obah karo laju sing dhuwur, mèh ora disadari yèn ngliwati banyu jero, anging munggah dadi 30 meter utawa luwih. Tsunami bisa nggawé karusakan érosi ing kawasan pasisir panté lan kapulowan.
[sunting] Tsunami ing sejarah
- 1755 - Tsunami ngrusak Lisboa ibukutha Portugal lan ngasilaké 60.000 korban jiwa.
- 1883 - Ing tanggal 26 Agustus, njeblugé gunung Krakatau lan tsunami niwasaké luwih saka 36.000 jiwa.
- 2004 - Ing tanggal 25-26 Desember 2004, tsunami ngasilaké korban jiwa luwih saka 200.000 ing Aceh, Sumatra Lor, Asia Kidul-Wetan liyané, Asia Kidul, lan Afrika. Ayo delengen ing artikel: Lindhu Samudra Hindia 2004 kanggo katrangan luwih pepak.
- 2006 - Ing tanggal 17 Juli 2006, tsunami ngasilake korban jiwa luwih saka 500 ing pantai kidul sisi wetan Jawa Barat lan sisi kulon Jawa Tengah. Mangga pirsani ing artikel: Lindhu lan Tsunami Pangandaran 2006 kanggo katrangan luwih pepak.
[sunting] Uga Pirsani
[sunting] Pranala jaba
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.