Wayang Betawi
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wayang Betawi utawa wayang Tambun iku wayang kulit khas Betawi kang sumebar ing tlatah Jakarta, Tangerang, Bogor, lan Bekasi. Para ahli sejarah ngira yèn anané wayang iki kawiwitan nalika Sultan Agung nyerang Jakarta.
Gamelan sing digunaaké kaya wayang kulit Banyumas kaya ta gambang lan calung. Ing babagan tembang, sabetan, lan lakon, wayang kulit betawi kaya wayang golek Sundha. Lelagon khas Betawi uga bisa mlebu kanthi becik.
Kanthi lumrahé basa Betawi sing égalitèr, caturan ing antarané para paraga wayang ora nganggo tatakrama kaya ing basa Jawa. Urut-urutan jejer uga bisa diwolak-walik. Pagelaran bisa diwiwiti déning gara-gara. Sing dadi ciri utamané yaiku caturan ing antarané dhalang lan para pamirsa kaya déné ing lenong.