Badhak
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Badhak |
|||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Badhak putih, Ceratotherium simum
|
|||||||||||
Klasifikasi ilmiah | |||||||||||
|
|||||||||||
|
|||||||||||
Ceratotherium Dicerorhinus |
Badhak (basa Jawa kuna: Warak, basa Inggris: rhinoceros utawa rhino) iku famili Rhinocerotidae, kalebu ordo Perissodactyla kang asalé kabèh saka Afrika utawa Asia. Famili iki duwé karakteristik: ukurané gedhé, boboté bisa nganti luwih saka sakton; siji utawa loro sungu ing bagéyan tengah bathuk, menawa cacahé loro, sing siji ana ing ngarepé sijiné (ora sisihan); herbivora; kulit kandel, 1.5 - 5 cm, kawangun saka lapisan kolagen. Badhak duwé indra pangrungu lan pangambu kang landhep, nanging ora bisa nyawang adoh. Sabagéyan gedhé badhak bisa urip luwih saka 40 taun.
Sanajan mlebu klompok herbivora, badhak iku kewan kang mbebayani. Ing India lan Nepal, badhak dadi panyebab utama patiné menungsa, cacahé ngluwihi kang disebabaké déning macan lan macan tutul. Badhak malah tau nyerang gajah sing nggawa turis.
[sunting] Pranala njaba
- (en) Yayasan Badhak Indonésia
- (en) International Rhino Foundation
- (en) SOS Rhino
- (en) Save The Rhino
- (en) Rhinoceros entry on WWF website
- (en) Foto-foto lan informasi bab badhak (Rhino photos and information)
|
---|
Badhak Putih · Badhak Ireng · Badhak India · Badhak Jawa · Badhak Sumatra |
Artikel prakawis kéwan puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |