Web Analytics


https://www.amazon.it/dp/B0CT9YL557

We support WINRAR [What is this] - [Download .exe file(s) for Windows]

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
SITEMAP
Audiobooks by Valerio Di Stefano: Single Download - Complete Download [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Alphabetical Download  [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Download Instructions

Make a donation: IBAN: IT36M0708677020000000008016 - BIC/SWIFT:  ICRAITRRU60 - VALERIO DI STEFANO or
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Badhak Jawa - Wikipedia

Badhak Jawa

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Wikipedia:Membaca kotak taksonomi
Membaca kotak taksonomi
Badhak Jawa
Pemburu Éropah lan badhak Jawa kang mati taun 1895
Pemburu Éropah lan badhak Jawa kang mati taun 1895
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Animalia
Filum: Chordata
Kelas: Mammalia
Ordo: Perissodactyla
Familia: Rhinocerotidae
Genus: Rhinoceros
Spesies: R. sondaicus
Nama binomial
Rhinoceros sondaicus
Desmarest, 1822[1]
Wilayah panggonané badhak Jawa
Wilayah panggonané badhak Jawa[2]
Subspesies
Rhinoceros sondaicus annamiticus

Rhinoceros sondaicus inermis (punah)

Rhinoceros sondaicus sondaicus

Badhak Jawa utawa warak Jawa (basa Indonesia: badak bercula-satu kecil, basa Latin: Rhinoceros sondaicus) iku anggota famili Rhinocerotidae kang duwé sungu cilik siji lan siji saka limang jenis badhak kang isih ana. Badhak iki mlebu genus kang padha karo badhak India lan nduwèni kulit mosaik kang mémper klambi waja. Badhak iki dawané 3,1–3,2 m lan dhuwuré 1,4–1,7 m. Badhak iki luwih cilik tinimbang badhak India lan luwih cerak gedhéné awaké karo badhak Ireng/badhak Hitam. Ukuran sunguné biasané kurang saka 20 cm, luwih cilik tinimbang sungu spesies badhak liyané.

Badhak iki tau dadi salah siji badhak ing Asia kang paling akèh panyebarané. Sanajan disebut "Badhak Jawa", kéwan iki ora mung urip ing Pulo Jawa waé, nanging ing saindhenging Nuswantara, Asia Kidul-Wétan lan India sarta Tiongkok. Spesies iki saiki statusé kritis, mung sithik populasi kang ditemokaké ing alam bébas, lan ora ana ing kebon raja. Badhak iki minangka dadi mamalia paling langka ing bumi.[3] Populasi 40-50 badhak urip ing Taman Nasional Ujung Kulon ing pulo Jawa, Indonésia. Populasi badhak Jawa ing alam bébas liyané ana ing Taman Nasional Cat Tien, Vietnam kanthi prakiran populasi ora luwih saka wolu ing taun 2007. Kurangé populasi badhak Jawa amarga paburon kanggo mélik sunguné, sing migunani banget kanggo pangobatan tradhisional Tiongkok, kanthi rega $30.000 per kilogram ing pasar gelap.[3] Kurangé populasi badhak iki uga amarga kélangan habitat, kang utamané amarga perang, kaya perang Vietnam ing Asia Kidul-Wétan kang uga njalari kurangé populasi badhak Jawa lan ngalangi pamulihan.[4] Papané mung kéri ana ing rong dhaérah kang direksa. Badhak Jawa uga isih ana résiko diburu, gampang kena penyakit lan saya ciuté karagaman genetik kang njalari gangguan nalika tangkar-tumangkar.

Badhak Jawa bisa urip 30 tekan 45 taun ing alam bébas. Badhak iki urip ing alas ratan ngisor (hutan hujan dataran rendah), ara-ara kanthi suket teles lan dhaérah dharatan banjir gedhé. Badhak Jawa akèhé anteng, kajaba ing mangsa pangenalan lan nggedhèkaké anak, sanajan sawijining klompok sok bisa ngumpul nalika nggegupak lan golèk mineral. Badhak diwasa ora nduwèni kéwan pamangsa kang dadi mungsuh. Badhak Jawa biasané nyingkir saka manungsa, nanging bakal nyerang menungsa manawa keganggu. Panliti lan pangreksa alam arang nliti kewan iki sacara langsung amarga langkané kewan iki lan anané bebaya ngganggu sawijining spesies kang mèh punah. Panliti migunaake kamera lan conto buwangan kanggo ngukur kaséhatan lan tindak-tanduké kewan-kewan iki. Badhak Jawa luwih sithik disinaoni tinimbang spesies badhak liyané.

Bab lan Paragraf

[sunting] Taksonomi lan pawènèhan jeneng

Badhak Jawa sepisanan ditliti déning panliti alam saka njaba dhaérah kasebut ing taun 1787, nalika ana k'ewan loro ditembak ing Jawa. Balung badhak Jawa dikirim menyang panliti alam Walanda Petrus Camper, kang séda taun 1789 sadurungé nerbitaké panemoné manawa badhak Jawa iku spesies istimewa. Badhak Jawa liyané ditembak ing pulo Sumatra déning Alfred Duvaucel kang ngirim spesimené menyang rama tiriné, Georges Cuvier, èlmuwan Prancis kang misuwur. Cuvier ngrumangsani kewan iki spesies istimewa taun 1822, lan ing taun kang padha diidhentifikasi déning Anselme Gaëtan Desmarest kanthi jeneng Rhinoceros sondaicus. Spesies iki spesies badhak pungkasan kang diidhentifikasi.[5] Desmarest ing awalé ngidhentifikasi badhak iki asalé saka Jawa, nanging samengkoné ngowahi lan nelaaké spesimené asalé saka pulo Jawa.[1]

Jeneng genusé Rhinoceros, ing njeroné uga ngamot badhak India, asalé saka basa Yunani: rhino tegesé irung, lan ceros tegesé sungu; sondaicus asalé saka tembung Sundha, dhaérah kang njangkep pulo Sumatra, Jawa, Kalimantan lan kapuloan cilik ing sekitaré. Badhak Jawa uga disebut badhak sungu-siji cilik (kanggo mbedaaké karo badhak sungu-siji gedhé, jeneng liya saka badhak India).

Ana telung subspesies, nanging kari loro amarga sing siji wis punah:

  • Rhinoceros sondaicus sondaicus, tipe subspesies kang dimangertèni yaiku badhak Jawa Indonésia' kang tau urip ing pulo Jawa lan Sumatra. Saiki populasiné mung sawetara 40-50 ing Taman Nasional Ujung Kulon, papané ing pojok kidul pulo Jawa. Sawijining panliti ngusulaké menawa badhak Jawa ing Sumatra mlebu subspesies kang béda, R.s. Floweri, nanging perkara iki ora ditampa sacara wiyar.[6][7]
  • Rhinoceros sondaicus annamiticus, yaiku Badhak Jawa Vietnam utawa Badhak Vietnam, kang tau urip ing Vietnam, Kamboja, Laos, Thailand lan Malaysia. Annamiticus asalé saka dhèrètan pagunungan Annam ing Asia Kidul-Wétan, bagéyan saka papan uripé spesies iki. Saiki populasiné kira-kira kurang saka 12, uripé ing alas dhataran rendah ing Taman Nasional Cat Tien, Vietnam. Analisa génétika mènèhi tabet menawa loro subspesies kang isih ana nduwèni leluhur kang padha antara 300.000 lan 2 yuta taun kepungkur.[7][8]
  • Rhinoceros sondaicus inermis, yaiku Badhak Jawa India, tau urip ing Benggala nganti Burma (Myanmar), nanging dianggep punah ing dasawarsa awal taun 1900-an. Inermis nduwèni teges tanpa sungu, amarga karakteristik badhak iki yaiku sungu cilik ing badhak lanang (jantan), lan ora ana sungu ing badhak wadon (betina). Spesimen spesies iki yaiku betina kang ora nduwèni sungu. Situasi politik ing Burma nyegah taksiran spesies iki ing nagara iku, nanging kaslametané dianggep ora bisa dipercaya.[9][10][11]

[sunting] Évolusi

Badhak India cerak gandhengané karo badhak Jawa; Kekaroné iku loro anggota tipe genus badhak.
Badhak India cerak gandhengané karo badhak Jawa; Kekaroné iku loro anggota tipe genus badhak.

Leluhur badhak sepisanan kabagi saka Perissodactyl liyané ing mangsa Eosen awal. Perbandingan DNA mitokondria mènèhi tabet menawa leluhur badhak modhérn kabagi saka leluhur Equidae watara 50 yuta taun kapungkur.[12] Famili kang isih ana, Rhinocerotidae, sepisanan muncul ing mangsa Eosen akhir ing Eurasia, lan leluhur spesies badhak modhérn kabagi saka Asia ing awal Miosen.[13]

Badhak Jawa lan India iku siji-sijiné anggota genus Rhinoceros kang sepisanan muncul ing rekaman fosil ing Asia sekitar 1,6 yuta-3,3 yuta taun kepungkur. Prakiraan molekul mènèhi tabet menawa spesies wis kabagi luwih awal, sekitar 11,7 yuta taun kapungkur.[14][12] Sanajan mlebu ing tipe genus, badhak Jawa lan India dipercaya ora cerak gandhengané karo spesies badhak liyané. Panlitén kang béda wis ngetokaké hipotesis menawa badhak iku mungkin cerak gandhengané karo Gaindetherium utawa Punjabitherium kang wis punah. Analisis klad Rhinocerotidae mapanaké Rhinoceros lan Punjabitherium kang wis punah ing klad karo Dicerorhinus, badhak Sumatra. Panlitén liya ngusulaké manawa badhak Sumatra luwih cerak gandhengané karo loro spesies badhak ing Afrika.[15] Badhak Sumatra bisa kabagi saka badhak Asia liyané 15 yuta taun kepungkur.[13][3]

[sunting] Dhéskripsi

Badhak Jawa awaké luwih cilik tinimbang badhak India, lan mèh padha badhak Ireng. Dawané bisa luwih saka 3,1–3,2 m lan dhuwuré 1,4–1,7 m. Badhak diwasa duwé bobot antarané 900 nganti 2.300 kilogram. Ora tau dianaaké panlitén kanggo nglumpukké pangukuran akurat badhak iki lan dudu prioritas.[3] Ukuran badan badhak iki ora ana bédané antarané sing lanang lan wadon, malah ana badhak wadon kang luwih gedhé. Badhak ing Vietnam luwih cilik tinimbang kang ning Jawa kanthi dhasar panlitén bukti saka foto lan pangukuran tlipak sikilé..[16]

Kaya seduluré ing India, badhak Jawa duwé sungu siji (spesies liya duwé sungu loro). Sunguné iku sungu paling cilik saka kabèh badhak, biasané luwih cendhak saka 20 cm lan sing paling dawa 27 cm. Badhak Jawa arang migunaaké sunguné kanggo gelut, nanging migunaaké sunguné kanggo mindhah lendhut ing kubangan, kanggo narik tetanduran supaya bisa dipangan, lan mbukak dalan ngliwati végetasi kang kandel. Badhak Jawa duwé lambé ndhuwur kang dawa kang kena kanggo mbantu njupuk pangan. Untu seriné dawa lan landhep; untuné iki dipigunaaké nalika badhak Jawa gelut. Ing samburiné untu seri ana enem untu graham dawa kang dipigunaaké kanggo mamah tetanduran kasar. Kaya kabèh badhak, badhak Jawa duwé pangambon lan pangrungu kang apik nanging duwé pasawangan mata kang ala. Badhak-badhak iki kira-kira urip 30 nganti 45 taun.[16]

Kulité ana wuluné/rambuté sethithik, wernané abu-abu utawa abu-abu-coklat mbungkus pundhak, geger lan bokong. Kulité kandel lan nduwèni pola mosaik alami lan dadi tameng. Pambungkus gulu badhak Jawa luwih cilik tinimbang badhak India, nanging tetep mbentuk wangun pelana ing pundak. Amarga anané résiko ngganggu spesies terancam, badhak Jawa disinaoni/ditliti liwat conto/sampel buwangan lan kamera. Badhak-badhak iki arang ditemoni, diamati utawa diukur sacara langsung.[17]

[sunting] Panyebaran lan habitat

Taman Nasional Ujung Kulon ing Jawa iku papan kanggo sisa badhak Jawa kang isih urip.
Taman Nasional Ujung Kulon ing Jawa iku papan kanggo sisa badhak Jawa kang isih urip.

Kira-kira kurang saka 100 badhak Jawa isih ana ing alam bébas. Badhak-badhak dianggep mamalia paling kaancam; sanajan ish ana badhak Sumatra kang papan kauripané ora direksa kaya badhak Jawa, lan sapérangan pangreksa alam nganggep badhak mau duwé résiko kang luwih gedhé. Badhak Jawa dimangerténi isih urip ing rong panggonan, Taman Nasional Ujung Kulon ing pojok kulon pulo Jawa lan Taman Nasional Cat Tien kang papané kurang luwih 150 km sisih lor Kutha Ho Chi Minh.[7][18]

Kewan iki tau nyebar saka Assam lan Benggala (badhak Sumatra lan India urip bebarengan ing papan kasebut[11]) mangétan tekan Myanmar, Thailand, Kamboja, Laos, Vietnam, lan ngidul ing semenanjung Malaka, sarta pulo Sumatra, Jawa lan Kalimantan.[19] Badhak Jawa uripé ing alas udan dhataran cendhèk, suket dhuwur lan papan turoné alang-alang kang akéh kaliné, dhataran banjir gedhé utawa dhaérah teles kang akeh blethokané. Sanajan ing sajarah badhak Jawa seneng dhaérah cendhèk, subspesies ing Vietnam kasurung nuju lemah kang luwih dhuwur (luwih saka 2.000 m), amarga gangguan lan perburuan déning menungsa.[9]

Papan uripé badhak Jawa wis nyusut sawisé 3.000 taun, wiwit sekitar taun 1000 SM, papan uripé ing sisih lor badhak iki ngrambah tekan Tiongkok, nanging wiwit mangidul sacara kasar ing 0.5 km pendhak taun amarga padunungané menungsa tambah ing dhaérah iku.[20] Badhak iki wiwit punah ing India ing dekade awal abad kaping 20.[11] Badhak Jawa diburu nganti punah ing semenanjung Malaysia taun 1932.[21] Ing pungkasaning perang Vietnam, badhak Vietnam dipercaya punah ing sakdawané lemah utama Asia. Pamburu lokal lan panegor alas ing Kamboja ngeklaim méruhi badhak jawa ing Pagunungan Cardamom, nanging survey ing dhaérah kasebut gagal nemokaké bukti.[22] Populasi badhak Jawa uga mungkin ana ing pulo Kalimantan, sanajan spesimen kasebut mungkin arupa badhak Sumatra, populasi cilik kang isih urip ing kana.[19]

[sunting] Sifat

Badhak Jawa iku kéwan anteng kejaba nalika tangkar-tumangkar lan nalika ngemong anaké. Badhak-badhak sok ngumpul ing klumpukan cilik ing papan nggolèk mineral lan ing blethokan lendhut. Njerum ing lendhutan iku sifat umum kabèh badhak kanggo njaga suhu badan lan mbantu nyegah penyakit lan parasit. Badhak Jawa ora ngedhuk blethokan lendhuté dhéwé lan luwih seneng migunaaké blethokan lendhut kéwan liyané utawa blethokan kang ana sacara alami kang banjur diambaké kanthi migunaaké sunguné. Papan kanggo nggolèki mineral uga penting banget amarga nutrisiné seka uyah. Wilayah badhak lanang luwih amba ketimbang sing wadon. Ambané wilayah badhak lanang 12–20 km² lan wilayah badhak wadon kira-kira 3–14 km². Ora dimangertèni ana apa orané gelut rebutan teritorial.[23]

Badhak lanang nandhani wilayahé kanthi tumpukan lethong lan cipratan uyuh. Garétan sikil ing lemah lan gulungan wit enom uga digunaaké kanggo komunikasi. Anggota spesies badhak liyané duwé padatan khas bebuwang ing tumpukan lethongé badhak gedhé banjur nggaretaké sikil mburiné ing tlethong. Badhak Sumatra lan Jawa nalika bebuwang ing tumpukan, ora nggaret. Adaptasi sifat iki dimangertèni sacara ekologi; ing alas udan Jawa lan Sumatera, metode iki manawa ora migunani kanggo nyebar ganda.[23]

Badhak Jawa duwé luwih sithik swara tinimbang badhak Sumatra; sithik banget swarané badhak Jawa kang dimangertèni. Badhak Jawa diwasa ora duwé mungsuh alami saliyané menungsa. Spesies iki, utamané ing Vietnam, iku spesies kang mlayu mlebu alas nalika manungsa nyerak saéngga angel kanggo nliti badhak.[4] Nalika menungsa creak banget karo badhak Jawa, badhak iku dadi agresif lan banjur nyerang, nusuk nganggo untu seriné ing rahang ngisor lan nyruduk munggah nganggo ndhasé.[23] Sifat anti-sosialé manawa arupa adaptasi tekanan populasi; bukti sajarah ngusulaké menawa spesies iki tau nglumpuk akèh.[7]

[sunting] Pangané

Badhak Jawa iku kéwan herbivora lan mangan manéka warna spesies tetanduran, utamané thukulan/pupus, pang-pang wit sing cilik, godhong-godhongan enom lan woh kang tiba. Akèh-akèhé tetanduran kang disenengi spesies iki tuwuh ing dhaérah kang kena sinar srengéngé: ing pambukaan alas, semak-semak lan tipe végetasi liyané tanpa wit gedhé. Badhak ngebrukké wit sing isih enom kanggo nyerakké pangané lan njupuk nganggo lambé dhuwur kang isa nyekel pangan mau. Badhak Jawa iku pemakan kang paling gampang adaptasi saka kabèh spesies badhak. Badhak kira-kira mangan 50 kg pangan sedina. Kaya badhak Sumatra, badhak iki merloaké uyah kanggo pangané. Papan kanggo nggolèki mineral umum ora ana ing Ujung Kulon, nanging badhak Jawa katon ngombé banyu saka segara kanggo nutrisi padha karo sing dibutuhaké.[16]

[sunting] Réproduksi

Sifat seksual badhak Jawa angél disinaoni amarga spesies iki arang diamati sacara langsung lan ora ana kebun binatang kang duwé spesimené. Badhak wadon mateng sacara seksual ing umur 3-4 taun lan sing lanang ing umur 6. Kamungkinan kanggo meteng kira-kira muncul ing période 16-19 wulan. Interval kalairan spesies iki 4–5 taun lan anaké marakaké mandheg kurang luwih rong taun. Papat spesies badhak liyané nduwèni sifat pasangan kang mémper.[23]

[sunting] Konservasi

Lukisan taun 1861 nggambaraké paburon badhak Jawa.
Lukisan taun 1861 nggambaraké paburon badhak Jawa.

Faktor utama kang ngurangi populasi badhak Jawa yaiku perburuan ngalap sunguné, masalah kang uga nyerang kabèh spesies badhak. Sungu badhak dadi komoditas perdagangan ing Tiongkok sasuwéné 2.000 taun kang dipigunaaké dadi obat kanggo pangobatan tradhisional Tiongkok. Sacara historis kulité digunaaké kanggo gawé klambi waja tentara Tiongkok lan suku lokal ing Vietnam percaya menawa kulité bisa digunaaké dadi panangkal racun wisa ula.[24] Amarga papan uripé badhak nyakup akèh dhaerah mlarat, angel kanggo pendunung ora matèni kéwan iki kang bisa didol kanthi rega kang larang.[20] Nalika Convention on International Trade in Endangered Species of Wild Fauna and Flora sepisanan diwedharaké taun 1975, badhak Jawa dilebokaké ing pangreksan Appendix 1: kabèh perdagangan internasional produk badhak Jawa dianggép ilegal.[25] Survey pasar gelap sungu badhak wis netepaké menawa badhak Asia duwé rega $30.000 pendhak kilogram, kaping teluné rega sungu badhak Afrika.[3]

Ilangé habitat merga tetanèn uga njalari kurangé populasi badhak Jawa, sanajan perkara iki dudu faktor signifikan manèh amarga badhak mung urip ing rong taman nasional kang direksa. Rusaké habitat wis ngalangi pamulihan populasi badhak kang dadi korbané pamburon sungu. Sanajan wis nganggo samudaya konservasi, prospek keslametan badhak Jawa angel. Amarga populasiné katutup ing rong papan cilik, badhak-badhak iki gampang kena penyakit lan masalah panangkaran. Ahli génétika konservasi ngira menawa populasi 100 badhak perlu pangreksan pambagéyan génétika spesies.[18]

[sunting] Ujung Kulon

Delengen uga: Taman Nasional Ujung Kulon

Semenanjung Ujung Kulon lebur amarga gunung Krakatau njebug taun 1883. Sawisé iku badhak Jawa banjur ngolonisasi manèh ing semenanjung, nanging menungsa ora akèh kang manggon manèh ing semenanjung iku kaya sadurungé, saéngga dadi papan reksané badhak.[18] Ing taun 1931, amarga badhak Jawa ing Sumatra ana ing pinggir kapunahan, pamréntah Hindia-Walanda nelaaké menawa badhak dadi spesies kang direksa, lan isih tetep direksa tekan sepréné.[9] Ing taun 1967 nalika dianaaké sensus badhak ing Ujung Kulon, mung 25 badhak kang ana. Ing taun 1980, populasi badhak nambah, lan tetep ana ing populasi 50 nganti saiki. Sanajan badhak ing Ujung Kulon ora nduwèni mungsuh alami, nanging badhak-badhak iki kudu saingan golèk pangan sing arang karo banteng liar kang bisa njalari cacahing badhak tetep ana ing sangisoré kapasitas semenanjung.[26] Ujung Kulon diurus déning mentri Kehutanan Républik Indonésia.[9] Ditemoaké paling sithik papat bayi badhak Jawa ing taun 2006.[27]

Tuwuhing populasi badhak Jawa ing Ujung Kulon
Taun Minimum Maksimum Rata-rata
1967 21 28 24.5
1968 20 29 24.5
1971 33 42 37.5
1982 53 59 56
1993 35 58 47
Sumber: Strategi Konservasi Badak Indonesia - Dirjen PHPA Dephut RI.[28]

[sunting] Cat Tien

Sithik anggota R.s. annamiticus kang kasisa urip ing Taman Nasional Cat Tien, Vietnam. Badhak iki tau nyebar ing Asia Kidul-Wétan, sawisé perang Vietnam, badhak Jawa dianggép punah. Cara kang dipigunaaké ing pertempuran njalari rusaké ekosistem dhaérah: panggunaan Napalm, herbisida lan defolian saka Agen Oranye, pangeboman saka awang-awang lan panggunaan ranjau dharat. Perang uga mbanjiri dhaérah nganggo senjata. Sawisé perang, akèh pedunung désa miskin, sing sakdurungé migunaaké metode kaya jugangan jebakan, saiki duwé senjata mematikan kang njalari padha dadi pamburu badhak kang éfisièn. Panyangka kapunahan subspesies éntuk tantangan nalika taun 1988, sawijining pamburu nembak badhak wadon diwasa kang nunjukaké menawa spesies iki bisa slamet saka perang. Taun 1989, ilmuwan nliti alas Vietnam kidul kanggo nggolèki bukti badhak liya kang slamet. Tlipak sikil badhak anyar duwèané paling sithik 15 badhak ditemoaké ing sakdawané kali Dong Nai.[29] Karena badhak, daerah tempat mereka tinggal menjadi bagian Taman Nasional Cat Tien tahun 1992.[24] Populasi badhak-badhak iki dikawatirké susut ing Vietnam, pangreksa alam ngira paling sithik 308 badhak mungkin tanpa badhak lanang sing slamet.[27][18]

[sunting] Ing panangkaran

Ora ana siji sijiya badhak Jawa ing kebon raja (kebon kéwan). Taun 1800-an, paling sithik papat badhak dipameraké ing Adelaide, Kalkuta lan London. Paling sithik 22 badhak Jawa wis didhokumentasiaké lan disimpen ing panangkaran, lan manawa cacahé luwih akèh amarga spesies iki kadhang salah ditafsiraké karo badhak India.[30] Badhak Jawa ora tau ditangani kanthi becik ing panangkaran: badhak paling tua kang urip mung tekan umur 20 taun, sekitar setengah saka umur mau, badhak ana ing alam bebas. Badhak Jawa paling kéri kang ana ing panangkaran mati ing Kebon raja Adelaide, Australia taun 1907, papan spesies kasebut sithik kang dimangertèni amarga wis ditunjuk badhak India.[16] Amarga saka program kang dawa lan larang ing taun 1980-an lan 1990-an kanggo nangkaraké badhak Sumatra ing kebun raja kuwi gagal, upaya kanggo ngreksa badhak Jawa ing kebon raja ora bisa dipercaya manèh.[3]

[sunting] Cathetan sikil

  1. 1,0 1,1 Rookmaaker, L.C. (1982). "The type locality of the Javan Rhinoceros (Rhinoceros sondaicus Desmarest, 1822)". Zeitschrift fur Saugetierkunde 47 (6): 381–382.
  2. Péta kang asalé saka péta ing Foose lan Van Strien (1997). Péta iki ora ngamot populasi kemungkinan ing Kalimantan kang didheskripsiaké déning Cranbook lan Piper (2007).
  3. 3,0 3,1 3,2 3,3 3,4 3,5 Dinerstein, Eric (2003). The Return of the Unicorns; The Natural History and Conservation of the Greater One-Horned Rhinoceros. New York: Columbia University Press. ISBN 0-231-08450-1.
  4. 4,0 4,1 Santiapillai, C. (1992). "Javan rhinoceros in Vietnam". Pachyderm 15: 25–27.
  5. Rookmaaker, Kees (2005). "First sightings of Asian rhinos", in Fulconis, R.: Save the rhinos: EAZA Rhino Campaign 2005/6. London: European Association of Zoos and Aquaria, 52.
  6. Asian Rhino Specialist Group (1996). "Rhinoceros sondaicus ssp. sondaicus." 2007 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2007. Diakses pada 16 Oktober 2007.
  7. 7,0 7,1 7,2 7,3 Fernando, Prithiviraj, Gert Polet, Nazir Foead, Linda S. Ng, Jennifer Pastorini, and Don J. Melnick (Juni 2006). "Genetic diversity, phylogeny and conservation of the Javan hinoceros (Rhinoceros sondaicus)". Conservation Genetics 7 (3): 439–448.
  8. Asian Rhino Specialist Group (1996). "Rhinoceros sondaicus ssp. annamiticus." 2007 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2007. Diakses pada 16 Oktober 2007.
  9. 9,0 9,1 9,2 9,3 Cithakan:Citation/authors (1997), Asian Rhinos – Status Survey and Conservation Action Plan., IUCN, Gland, Switzerland, and Cambridge, UK, ISBN 2-8317-0336-0
  10. Rookmaaker, Kees (1997). "Records of the Sundarbans Rhinoceros (Rhinoceros sondaicus inermis) in India and Bangladesh". Pachyderm 24: 37–45.
  11. 11,0 11,1 11,2 Rookmaaker, L.C. (Juni 2002). "Historical records of the Javan rhinoceros in North-East India". Newsletter of the Rhino Foundation of Nature in North-East India (4): 11–12.
  12. 12,0 12,1 Xu, Xiufeng, Axel Janke, and Ulfur Arnason. "The Complete Mitochondrial DNA Sequence of the Greater Indian Rhinoceros, Rhinoceros unicornis, and the Phylogenetic Relationship Among Carnivora, Perissodactyla, and Artiodactyla (+ Cetacea)". Molecular Biology and Evolution 13 (9): 1167–1173. URL diakses pada 2007-11-04.
  13. 13,0 13,1 Lacombat, Frédéric (2005). "The evolution of the rhinoceros", in Fulconis, R.: Save the rhinos: EAZA Rhino Campaign 2005/6. London: European Association of Zoos and Aquaria, 46–49.
  14. Tougard, C., T. Delefosse, C. Hoenni, and C. Montgelard (2001). "Phylogenetic relationships of the five extant rhinoceros species (Rhinocerotidae, Perissodactyla) based on mitochondrial cytochrome b and 12s rRNA genes". Molecular Phylogenetics and Evolution 19 (1): 34–44.
  15. Cerdeño, Esperanza (1995). "Cladistic Analysis of the Family Rhinocerotidae (Perissodactyla)". Novitates. URL diakses pada 2007-11-04.
  16. 16,0 16,1 16,2 16,3 van Strien, Nico (2005). "Javan Rhinoceros", in Fulconis, R.: Save the rhinos: EAZA Rhino Campaign 2005/6. London: European Association of Zoos and Aquaria, 75–79.
  17. Munro, Margaret. "Their trail is warm: Scientists are studying elusive rhinos by analyzing their feces", National Post, 10 Mei 2002. 
  18. 18,0 18,1 18,2 18,3 Derr, Mark. "Racing to Know the Rarest of Rhinos, Before It’s Too Late", The New York Times, July 11, 2006. Retrieved on 2007-10-14. 
  19. 19,0 19,1 Cranbook, Earl of, Philip J. Piper (2007). "The Javan Rhinoceros Rhinoceros Sondaicus in Borneo". The Raffles Bulletin of Zoology 55 (1): 217–220. URL diakses pada 2007-11-04.
  20. 20,0 20,1 Corlett, Richard T. (2007). "The Impact of Hunting on the Mammalian Fauna of Tropical Asian Forests". Biotropica 39 (3): 202–303.
  21. Ismail, Faezah. "On the horns of a dilemma", New Straits Times, 9 Juni 1998. 
  22. Daltry, J.C.; F. Momberg (2000). Cardamom Mountains biodiversity survey. Cambridge: Fauna and Flora International.
  23. 23,0 23,1 23,2 23,3 Hutchins, M., M.D. Kreger (2006). "Rhinoceros behaviour: implications for captive management and conservation". International Zoo Yearbook 40: 150–173.
  24. 24,0 24,1 Stanley, Bruce. "Scientists Find Surviving Members of Rhino Species", Associated Press, 22 Juni 1993. 
  25. Cithakan:Citation/authors (1999), African Rhino. Status Survey and Conservation Action Plan., IUCN/SSC African Rhino Specialist Group. IUCN, Gland, Switzerland and Cambridge, UK, ISBN 2831705029
  26. Dursin, Richel. "Environment-Indonesia: Javan Rhinoceros Remains At High Risk", Inter Press Service, 16 Januari 2001. 
  27. 27,0 27,1 Williamson, Lucy. "Baby boom for near-extinct rhino", BBC News, 1 September, 2006. Retrieved on 2007-10-16. 
  28. Pertumbuhan Populasi Badak Jawa di Semenanjung Ujung Kulon dari Data Hasil Sensus (1967 - 1993). Departemen Kehutanan Republik Indonesia.
  29. Raeburn, Paul. "World's Rarest Rhinos Found In War-Ravaged Region of Vietnam", Associated Press, 24 April, 1989. 
  30. Rookmaaker, L.C. (2005). "A Javan rhinoceros, Rhinoceros sondaicus, in Bali in 1839". Zoologische Garten 75 (2): 129–131.

[sunting] Pranala njaba

Static Wikipedia 2008 (no images)

aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -

Static Wikipedia 2007 (no images)

aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -

Static Wikipedia 2006 (no images)

aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -

Sub-domains

CDRoms - Magnatune - Librivox - Liber Liber - Encyclopaedia Britannica - Project Gutenberg - Wikipedia 2008 - Wikipedia 2007 - Wikipedia 2006 -

Other Domains

https://www.classicistranieri.it - https://www.ebooksgratis.com - https://www.gutenbergaustralia.com - https://www.englishwikipedia.com - https://www.wikipediazim.com - https://www.wikisourcezim.com - https://www.projectgutenberg.net - https://www.projectgutenberg.es - https://www.radioascolto.com - https://www.debitoformtivo.it - https://www.wikipediaforschools.org - https://www.projectgutenbergzim.com