Kaledonia Anyar
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kaledonia Anyar panggonane ana ing kiduling Samudera Pasifik. Uga diarani Kanaki sing njupuk saka jeneng warga asline kepulauan iku. Nagara kepulauan iki tansah kalebu panguwasaning negara Perancis saliyaning Polinesia Perancis. Tlatah iki statuse diarani 'Tlatah sabrang tirta' (diarani overseas country). Statuse iki diolehi nembe taun 1998. Jenenge asale saka basa Latine Skotlandia. Ibukotane ana ing Noumea.
Tlatah iki uga salah siji panggonaning Wong Jawa ing tlatah manca. Wong Jawa ing Kaledonia Baru biyen uga dadi kuli kontrak, utawa nggoleki panguripan luwih apik ning tanah sebrang. Pindahing wong Jawa ning Kaledonia uga pada karo wong Jawa Suriname, nanging pindahing wong Jawa ing Pasifik wis mandheg mila taun 1949.
Wong Jawa ing Kaledonia Baru tansah nganggo Basa Jawa kanggo cangkriman dina-dina, nanging bocah-bocah nome saiki wis ora bisa ngomong Jawa, mung bisa ngomong basa Perancis wae.
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |