Wikipedia:Tutorial (Pandaftaran)
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
Artikel iki bagéan saka Tutorial Wikipedia |
Kaca tutorial... |
Kaca ngarep |
Delengen uga... |
Pandaftaran menyang Wikipedia ora wajib, nanging diprayogakaké banget!
[sunting] Pandaftaran ora wajib
Saben wong bisa mènèhi kontribusi jroning Wikipedia, apa ndaftar dhisik apa ora. Nanging akèh alesan kenapa pandaftaran diprayogakaké banget.
Kanthi ndaftar, panjenengan bakal nduwèhi akèh kaluwihan, klebu nduwé preferensi panganggo lan pilihan (opsi) panyuntingan. Salah siji fitur kangg panganggo kadaftar yakuwi daftar pantauan, kang nggampangaké panjenengan nglacak owah-owahan artikel kang panjenengan senengi. Fitur liya yakuwi mindhah kaca.
Panganggo ora kadaftar diidentifikasi nganggo Alamat IP komputeré, kang dipigunakaké minangka pangenalan publik nalika mènèhi kontribusi. Alamat IP panjenengan kadhangkala dipigunakaké kanggo nemokaké informasi bab panjenengan, saéngga kanthi ndaftar bisa "ningkataké" privasi panjenengan awit alamat IP panjenengan ora disumurupi. Liyané kuwi, amarga alamat IP sacara non-permanen kerep dialokasèkaké nganggo DHCP utawa PPP, panganggo ora kadaftar kadhangkala angèl ngéntukaké rèspèk utawa pangakon saka panyunting liya. Ngayahi dhiskusi uga dadi angèl amarga ora duwé Kaca dhiskusi dhéwé.
Pungkasané, mung panganggo kadaftar waé kang diidinaké kanggo dadi pangurus. Yèn panjenengan ndaftar, aja lali tembung sandi (password) lan jeneng panganggo (user name) panjenengan.
[sunting] Cara ndaftar
Kanggo ndaftar, utawa maca informasi luwih rinci ngenani kaluwihan duwé akun, panjenengan bisa nge-klik pranala Mlebu log ing bagéan tengen ndhuwur saben kaca Wikipedia. Panjenengan ora bisa (sagelemé) ngrubah jeneng panganggo panjenengan, mula wacanen luwih dhisik kawicaksanan jeneng panganggo sadurungé ndaftar.
Terusaké tutorial menyang pokok bahasan sabanjuré.