Wikipedia:Tutorial
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
Artikel iki bagéan saka Tutorial Wikipedia |
Kaca tutorial... |
Kaca ngarep |
Delengen uga... |
Sugeng Rawuh ing Tutorial Wikipedia. Tutorial iki dimaksudaké kanggo panganggo kang wis maca sakilas bab Wikipedia liwat Kenal Wikipedia, lan siap mulai. Sawisé maca rangkaian kaca iki, panjenengan bakal nampa informasi dhasar lan kawruh kang diperlokaké kanggo dadi Panganggo Wikipedia.
Saben kaca bakal mbahas bab fitur (fasilitas), bab software wiki, sawetara pituduh bab style utawa gaya lan isi artikel, informasi bab komunitas Wikipedia, utawa kawicaksanan lan konvensi wigati jroning Wikipedia.
Élingana yèn iki mung tutorial, dudu kaca kawicaksanan definitif utawa manual kang utuh. Yèn panjenengan kepéngin kang luwih rinci, jroning tutorial iki ana pranala (link) kang kahubung marang kaca Wikipedia liyané. Kaca kasebut duwé informasi kang luwih rinci bab topik kang ana ing tutorial iki. Yèn panjenengan kepéngin sinambi maca, manawa luwih becik mbukak pranala kasebut ing jendela (window) anyar.
Jroning tutorial iki uga ana pranala menyang kothak wedhi, papan kanggo praktèk apa kang panjenengan sinaoni. Ora bakal ana wong kang muring-muring yèn panjenengan migunakaké kothak wedhi minangka wahana eksperimen, dadi aja kuwatir, lakoni waé lan pirsani apa kasilé.
Cathetan: Tutorial iki ngasumsèkaké panjenengan migunakaké layout (skin) kaca default. Yèn panjenengan mlebu log (log in) lan wis ngrubah preferensi panganggo, panggonan pranala ing layar manawa bisa béda.
Panjenengan wis siap?, Ayo miwiti!