Wayang Revolusi
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wayang revolusi iku wayang kang njupuk crita jaman kamardhikan Indonesia. jaman mbiyen, wayang iki kanggo aweh panyuluhan marang warga apa pentinge urip tanpa dijajah. Saiki, wayang iki wis arang digelar maneh.
Wayang iki wiwitane digawe dening Raden Mas Sayid saka Pura Mangkunegaran, Surakarta. Nalika Konggres Pemuda ing Madiun, Jawa Wetan, 1947, para aktivis kamardhikan sarujuk supaya nggunaake wayang kanggo sesuluh. Pisanane, wayang-wayang iku nganggo kertas karton kang ditempeli gambar-gambar tokoh nasional seka guntingan, kaya ta Soekarno lan Mohammad Hatta. Gandheng iki uga magepokan kalawan Walanda, mula ana uga wayang-wayang seka bangsa Walanda. Wayang iki banjur digawe kaya dene wayang lumrahe, yaiku nganggo kulit kewan.
Ing tahun 1960, saperangkat wayang mau dituku dening Museum voor Volkenkunde, Rotterdam, Walanda. Wayang-wayang mau bisa mulih maneh ing Indonesia tahun 1995. Wayang-wayang mau saiki dadi koleksine Museum Wayang ing Jakarta. Museum iki uga nggawe salinan sawetara wayang kang nate ana.