Banyumasan
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
[sunting] Pambuka
Banyumasan utawa mBanyumasan yakuwe : Manunggale budaya, basa karo watek/karakter sing urip uga berkembang nang masyarakat wilayah Banyumasan.
Wilayah Banyumasan kuwe ana nang sisi kulon provinsi Jawa Tengah, tegesé wilayah nang sekitar gunung Slamet karo kali Serayu, dadi kabupaten-kabupaten sing ngelilingi gunung Slamet karo kali Serayu kuwé termasuk wilayah Banyumasan. Ana 8 kabupaten karo 1 kota sing cokan diarani wilayah Banyumasan yakuwe: kabupaten Brebes, kabupaten Tegal, kota Tegal, kabupaten Pemalang, kabupaten Banjarnegara, kabupaten Kebumen, kabupaten Cilacap, kabupaten Purbalingga karo kabupaten Banyumas.