Łódź
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Katrangan cekak | |||||
---|---|---|---|---|---|
Provinsi: | Łódź | ||||
Jembar: | 294 km² | ||||
Pedunung: | 774.004 jiwa (2005) | ||||
Pelat nomor kendaran motor: | EL | ||||
Alamat balé kutha: |
ul. Piotrkowska 104 90-926 Łódź |
||||
Situs wèb resmi: | www.uml.lodz.pl | ||||
Politik | |||||
Walikutha: | Jerzy Kropiwnicki |
Łódź (Jerman Lodsch utawa Litzmannstadt[1]) iku sawijining kutha ing Polandia. Kutha iki nduwé pedunung 774.004 jiwa (2005) lan kutha sing gedhéné nomer loro ing Polandia kamangka kutha iki sadurungé sawijining désa nganti kira-kira taun 1830.
Ing basa Polandia, ‘Łódź’ tegesé prau. Mulané ing lambang kutha iki ana gambaré prau.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
[sunting] Łódź kaya déné kutha tani
Łódź pisanané muncul ing cathetan sajarah dhokumèn sing nyaosaké désa Łodzia marang uskup Włocławek ing taun 1332. Ing taun 1423 Ratu Władysław Jagiełło maringi hak-hak kutha ing désa Łódź. Wiwit iku nganti abad kaping-18 kutha iki tetep sawijining pamukiman cilik ing jalur dagang antara Masovia lan Silesia. Ing abad kaping-16 kutha iki pedunungé kurang saka 800 jiwa sing akèhé nyambut gawé dadi tani.
Nalika negara Ketika Polandia dipalih kapindho ing taun 1793 Łódź diwènèhaké Prusia mawa jenengé sing anyar ing éjaan Jerman, Lodsch. Ing taun 1798 wong Prusia nasionalisasi kutha iki lankutha iki kèlangan statusé mawa kutha uskup Kuyawia. Ing taun 1806 kutha iki digabungaké karo Praja Warsawa lan ing taun 1815 dadi bagéyan saka Kongres Polandia sing dikontrol Rusia.
[sunting] Łódź kaya déné kutha indhustri
Ing taun 1820 Stanisław Staszic miwiti gerakan kanggo ngowahi kutha cilik iki dadi pusat indhustri sing modhèrn.
[sunting] Cacahé pedunung ing sajarah
1793: 190
1806: 767
1830: 4.300
1850: 15.800
1880: 77.600
1905: 343.900
1925: 538.600
1990: 850.000
2003: 781.900