Cemara Natal
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wit cemara Natal kang wus suwé didadèkaké simbol riyaya Natal déning umat Kristen, pranyata kawiwitan udakara 1000 taun kapungkur. Bab iki kelakon nalikané St. Bonafice priyayi kang ngristenaké bangsa Jerman, ing tengah dalan nemoni wong-wong pagan (wong-wong kang nyenyembah brahala) lagi nyembah-nyembah marang wit èk.
Kanthi murka, wong suci mau kongkonan marang panggiluté negor wit èk mau. Lan kaelokan dumadakan kelakon ing kono. Ing tilase tegoran kayu èk mau, kanthi nengsemake njedhul thukulan wit cemara, liwat saselaning oyot wit Ek kang wus mati. St Bonafice nganggep iki kadidene sawijining pratandha marang kaimanan Kristiani. Sabanjure, kanthi prastawa mau, wong-wong Kristen nganggep wit cemara ana gandheng cenenge karo kapercayan Kristen, lan pungkasane nggawa wit-wit cemara mau mlebu ngomahe.
[sunting] Sejarah
Wong-wong Mesir kuna kang mbiyen ngawiti pamujan marang wit-witan kang ijo. Nalikane teka mangsa adem, wong-wong Mesir nggawa godhong kurma lan ngrenggani omahe nganggo godhong kurma mau kanggo simbol kamenangan panguripan manungsa mungsuh pepati.
Wong-wong Romawi kuna béda maneh. Nambut mangsa adem, wong-wong Romawi nganaake festival kang sinebut Saturnalia, ing pangangkah kanggo memuja Dewa Saturnus, dewaning olah tetanen. Wong-wong mau ngrenggani omahe kanthi gegodhongan ijo lan lampu-lampu. Bocah-bocah uga kanthi suka parisuka bakal ijol-ijolan hadhiyah marang kancane. Ijol-ijolan hadhiyah iki uga dilakone dening wong-wong diwasa. Ing kapercayane, wong-wong mau menehi dhuwit (koin) kanggo kemakmuran, jajanan kanggo kabagyan, lan lampu-lampu kanggo nerangi pawongan sajroning nglakoni urip iki.
Maabad-abad kapungkur, ing tanah Inggris, dhukun-dhukun alas kang kasebut Druid nganggo gegodhongan lan ijo-ijoan kanggo nganaake ritual misterius nalikane mangsa adem teka. Dhukun-dhukun mau migunaake godhong holly lan mistletoe kanggo simbol panguripan langgeng, lan nemplokake pang-pang gegodhongan sandhuwuring lawang kanggo ngusir setan lan roh-roh jahat.
Ing jaman abad pertengahan akhir, wong-wong Jerman lan Skandinavia nandur wit-witan ijo sajroning omahe utawa ing ngarep lawange kanggo nuduhake gegayuhan kang becik marang mangsa semi kang bakal teka.
Tradisi wit natal ing jaman modern iki ngrembaka saka tradisi-tradisi kawitan kang mangkono mau.
[sunting] Rerenggan ing Cemara Natal
Legenda nyritakaké yen ta Martin Luther kang kawitan gawe tradisi ngrenggani Cemara natal. Ing sawijining dina natal kang garing, udakara ing taun 1500-an, piyambake lelungan ngliwati alas kang katutup dening salju. Sawise sawatara suwe jumangkah, jangkahe kandheg dening kaendahaning sagrumbulan wit-witan cilik ing ngarepe. Pang-pange, kalabur salju, ting krelip nyunarake cahyaning wulan.
Nalikaning piyambake wus tekan ngomah, piyambake mundhut sawatara wit cemara mlebu ngomah, supaya bisa nyritaake pengalamane mau marang bocah-bocah. Sabanjure piyambake ngrenggani wit cemara mau nganggo lilin, supaya samper kaya kang kedadeyan ing alas mau. Ing jaman sabanjure, lilin-lin kang kasumet mau dipasang kanggo nggambarake cahyaning swarga sumunar padhang, cumlorot saka langit, nalikaning Yesus Kristus diwiyosaké ing Betlehem.