Dhialek Banten
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
[sunting] Sajarah
Piturut sejarahe, dhialek Banten wiwit dituturake ing zaman Kasultanan Banten (abad 16). Ing zaman iku, basa Jawa sing dituturake ing Banten ora ana bedhane karo basa Jawa ing Mataram. Nanging, samubare iku basa Jawa ing Banten mulai katon bedhane, apa maneh tlatah pinuture diubengi karo tlatah basa Sundha lan basa Betawi.
Basa iki dhadi basa utama ing Kasultanan Banten sing manggon astana Surosowan, lan uga dhadi basa dina-dinaning warga Banten utamane ing sisih lor lan tlatah kulon Kabupaten Tangerang.
Dialek ini dianggep dialek kuna lan akeh persise karo dhialek Cerbon sanajan akeh pengaruh basa Sundha lan Betawi.
Upami :
- Aja bribin! (kawacan Aje) : Aja ngisruhi!
- Sire arep mendhi? (sire iku kasar) : kowe arep nyang ndhi?
- Mak lunga jeng Teh Toyah : Emak lunga karo Mbak Toyah
Bali menyang: Basa Jawa