Garuda Pancasila
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Garuda Pancasila (basa Jawa Garudha Pancasila) iku lambang negara Indonesia. Lambang iki awujud manuk garudha sing mawa tamèng binagi ing limang bagéyan. Tamèng iki nglambangaké dhasar negara Indonesia; Pancasila sing uga adhedhasar konsèp falsafi Buddha pañcasila.
Lambang iki diripta déning Sultan Hamid II saka Pontianak.
[sunting] Simbulisme Garuda Pancasila
Lambang Garuda Pancasila awujud manuk Garudha warna emas sing nganggo tamèng. Manuk iki mandheng menyang tengen. Guluné nduwé wulu 45 sing nglambangaké taun Indonesia mardika. Swiwiné wuluné ana 17, sing nglambangaké dina Indonesia mardika. Banjur brutuné wuluné cacahé 19 lan buntuté 8. Dadi nglambangaké 17-8-1945.