Kabupaten Lamongan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Babad Lamongan | Mitos lan Legenda Lamongan | Seni lan Budaya Lamongan | Tokoh Lamongan | Panganan lan Plesiran Lamongan
|
|||
Motto: "Memayu Raharjaning Praja" |
|||
Gambar:Lokasi Lamongan.jpg | |||
Dina Dadi: | ... | ||
Ibukutha: | Lamongan | ||
Bupati: | Masfuk, SH | ||
Wakil Bupati: | Drs. Tsalis Fahami, MM | ||
Jembar - Total: |
1.812,80 km² |
||
Kecamatan - Cacahe: |
27 Kecamatan |
||
Pedhunung - Total: - Kapadhetan: |
1.365.402 (31 mei 2005) +/- 682 jiwa/km² |
||
Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
Agama: | Kejawen, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha | ||
Basa: | basa Jawa lan basa Indonesia |
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pambuka
Kabupaten Lamongan, mujutaken satunggaling kabupaten ingkang dumunung wonten Provinsi Jawi Wetan, Indonesia. Kuthonagarinipun inggih meniko Lamongan. Kabupaten meniko ugi wewatesan kaliyan Seganten Jawi wonten sisih ler, Kabupaten Gresik wonten sisih wetan, Kabupaten Mojokerto kaliyan Kabupaten Jombang wonten sisih kidul, Kabupaten Bojonegoro kaliyan Kabupaten Tuban wonten sisih kilen.
[sunting] Geografis
Lamongan mujutaken satunggaling Kabupaten ingkang dumunung wonten pesisir ler Jawi Wetan. Saperangan wewengkon pesisir arupi wewengkon pagunungan. Wewengkon meniko amujutaken rerangkenipun pagunungan kapur ler. Wonten bagian tengah arupi dataran andap ingkang sitinipun mboten roto, lan saperangan malih arupi siti bono rowo. Wonten perangan sisih kidul wonten pagunungan ingkang mujutaken pungkasanipun rerangken Pegunungan Kendeng wonten iring wetan, Bengawan Solo mili wonten perangan sisih ler.
[sunting] Pemerentahan
Kabupaten Lamongan kaperang dados 27 kecamatan, ugi kaperang malih dados pinten-pinten desa lan kelurahan. Punjering pamrentahan wonten ing kecamatan Lamongan.
- Kecamatan Babat
- Kecamatan Bluluk
- Kecamatan Brondong
- Kecamatan Deket
- Kecamatan Glagah
- Kecamatan Kalitengah
- Kecamatan Karangbinangun
- Kecamatan Karanggeneng
- Kecamatan Kedungpring
- Kecamatan Kembangbahu
- Kecamatan Lamongan
- Kecamatan Laren
- Kecamatan Maduran
- Kecamatan Mantub
- Kecamatan Modo
- Kecamatan Ngimbang
- Kecamatan Paciran
- Kecamatan Pucuk
- Kecamatan Sambeng
- Kecamatan Sarirejo
- Kecamatan Sekaran
- Kecamatan Selokuro
- Kecamatan Sugio
- Kecamatan Sukodadi
- Kecamatan Sukorame
- Kecamatan Tikung
- Kecamatan Turi
[sunting] Perekonomian
Tetanen mujutaken satunggaling sektor perekonomian ingkang penting sanget wonten Kabupaten Lamongan. Wewengkon pesisir mujutaken wewengkon perkembangan GERBANGKERTASUSILA.
[sunting] Angkutan
Kabupaten Lamongan dipun langkungi margi ageng Pantura ingkang saget nggubungaken kitha Jakarta – Surabaya, ingkang nglangkungi saurutipun pesisir seganten ler. Margi meniko ugi nglangkungi Wewengkon Kec.Paciran ingkang anggadhahi kathah panggenan pariwisoto. Kitho Lamongan ugi dipun langkungi margi ageng Surabaya – Cepu – Semarang. Kitho Babat mujutaken persimpangan margi antawis Surabaya - Semarang kaliyan margi Malang - Jombang - Tuban. Lamongan ugi dipun langkungi margi kereta api jalur ler Pulo Jawa.
[sunting] Rupa–rupa
Lamongan kawentar anggadhahi dhedaharan ingkang khas ingkang cekapdipun kenal lan saget dipun panggihi wonten saindewnging tlatah ing Jawi Wetan, upaminipun soto Lamongan, sekul boranan , tahu campur Lamongan.Wingko Babat mujutaken Jajanan khas saking kitho Babat. Salintunipun meniko ugi wonten jajanan khas saking wewengkon Kec.Paciran ingkang kasebat Jumbreg. Salintunipun jumbreg ,Paciran ugi mujutaken wewengkon ingkang ngasilaken who siwalan enem ingkang biasa dipun sebat ental.
[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani
[sunting] Pranala Jaba
- Situs Web Resmi
- Situs Web Resmi [ngangge basa inggris]
- Datae lamongan
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub).
Sinten kémawon ingkang kagungan karsa mbenakaken, sumangga kémawon.