Wong Jawa
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wong Jawa, Tiyang Jawi | ||
---|---|---|
Populasi total: | 2004: kurang luwih 90 yuta. | |
Pedunung wigati ing: | Indonesia:
Malaysia: 1 - 2 juta |
|
Basa: | basa Jawa, basa Indonesia, basa Melayu, basa Madura, basa Walanda, basa Prancis lan liya-liya. | |
Agama: | Kejawen, Islam, Kristen, Hindu, lan Buddha. | |
Suku bangsa cedhak dhéwé: | suku Sunda, suku Madura, suku Bali. |
Wong Jawa iku ora beda karo suku bangsa liyane, wong Jawa mono klebu salah sawijining suku bangsa sing sumebar ana tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. (Sing kebeneran manggon ing Jawa Kulon sak benere uga klebu golongane wong Jawa, nanging nduweni ciri2 lan basa sing beda kang disebut Wong Sundo). Ciri ciri wong Jawa ora mung bisa ditengarani saka basa lan wicarane, nanging uga tindak tanduk, suba sita lan kapribadene. Mula yen ana wong sing dianggep kurang ajar utawa kasar sok disebut "Ora nJawa". Unggah ungguh utawa subasita tumrape wong Jawa utamane ing tlatah Jawa Tengah isih bener bener diugemi. Mulane saka bausastra Jawa, ketara banget yen tataran utawa tingkatan umur lan tataran sosial pancen dibedaake. Wong enom yen arep omong marang wong sing luwih tuwo kudu nganggo basa krama utawa krama inggil, suwalike yen omong marang sing luwih enom utawa sing luwih endhek tataran sosiale nganggo basa ngoko.
Nganti saiki wong Jawa isih akeh sing nguri uri pituduh kapribaden sing sumbere saka Kraton Ngayogjakarta. Umpamane : pituduh "Ojo dumeh" sing pangertene kira kira yen menungsa mono ora kena duwe sipat angkuh utamane yen nuju apik rejekine utawa apik kalungguhane. Semono uga awer awer kanggo para pemimpin sing antara liya kudu nduweni sipat ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, waspada purbawisesa, ambeg parama artha, prasetya, gemi nastiti, belaka, legawa. Pituduh kuwi sak benere ora mung kanggo para pemimpin nanging kudu dianut amrih dadi manungsa sing "Jawa".
Semono uga sipat sipat kayadene lembah manah, sepi ing pamrih rame ing gawe, biasane dadi ciri cirine wong Jawa. Wong Jawa ora oleh nduweni sipat adigang adigung adiguna, sipat iri, dengki lan srei. Wong Jawa uga kudu tanggap lan lantip ing semu lan sasmita, ora kabeh kepenginan kuwi di ucapke.