Wolfgang Amadeus Mozart
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Wolfgang Amadeus Mozart (Salzburg, 27 Januari 1756–Wina, 5 Desember 1791), punika satunggiling komposer musik saking Austria. Piyambakipun saged kaangep juru musik ingkang jénius. Saking wiwit alit sampun saged manggubah musik klasik. Karyanipun kathah sanget (kirang langkung 700 lagu).
Karya-karyanipun antawis sanès: Pawiwahan Figaro (Le nozze di Figaro) (1786), Don Giovanni (1787), kaliyan Sruling Ajaib (Die Zauberflöte) (1791). Karyanipun ingkang pungkasan, Requiem, dèrèng bibar awit sampun tilar donya. Lajeng karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr.
[sunting] Daftar komposisi
Mozart nilaraken warisan komposisi musik kathah sanget. Komposisi-komposisinipun sampun dipunpilah-pilah per genre (jenis) ing K.V. (Köchel-Verzeichnis, 1937). Sawijining ringkesan cekak karya Mozarts ugi naté dipunterbitaken ing 1951 mawi judul Der kleine Köchel. Lajeng ugi wonten Verzeichnüss, punika cekakan saking Verzeichnüss aller meiner Werke (1784-1791), sawijining daftar komposisi ingkang dipunserat déning Mozart piyambak. Lajeng ugi wonten sistèm AMV (Alte Mozart-Ausgabe) kaliyan NMA (Neue Mozart-Ausgabe) ingkang dipunginakaken.
Daftar opera Mozart:
Judul | KV | bibar ing | isi | sanès-sanès |
Die Schuldigkeit des erstes Gebotes | KV35 | 1767 | ||
Apollo et Hyacinthus | KV38 | 1767 | ||
Bastien en Bastienne | KV50 | 1768 | ||
La finta semplice | KV51 | 1768 | ||
Mitridate | KV87 | 1770 | ||
Ascanio in Alba | KV111 | 1771 | ||
Betulia Liberata | KV118 | 1771 | Judith kaliyan Holofernes | |
Il sogno di Scipione | KV126 | 1772 | ||
Lucio Silla | KV135 | 1772 | ||
Thamos, König in Ägypten | 1773, 1775 | |||
La finta giardiniera | KV196 | 1774 | ||
Il rè pastore | KV208 | 1775 | ||
Zaide | KV344 | 1779 | ||
Idomeneo | KV366 | 1780 | ||
Die Entführung aus dem Serail | KV384 | 1782 | ||
L'oca del Cairo | KV422 | |||
Lo sposo deluso | KV430 | |||
Der Schauspieldirektor | KV486 | |||
Le nozze di Figaro | KV492 | 1786 | Satunggiling tukang cukur ingkang gandrung | |
Don Giovanni | KV527 | 1787 | Satunggiling playboy | |
Così fan tutte | KV588 | 1789 | ||
Die Zauberflöte | KV620 | 1791 | prakawis free masonry (vrijmetselarij) | |
La clemenza di Tito | KV621 | 1791 |
[sunting] Requiem
Ing warsa 1791 Mozart kadhatengan tiyang ingkang mboten dipuntepangi. Piyambakipun kajeng pesen satunggiling misa Requiem. Alesan saha jati dhirinipun mboten purun dipunbèbèraken. Bésok tibakipun tiyang punika Raden Franz von Walsegg-Stuppach. Priyantun punika panci gadhah kabiasaan pesen komposisi musik lajeng dipunsalin kaliyan dipunakoni piyambak.
Rikala Mozart nampi pesenan punika, Mozart sampun mboten saras malih. Amargi gadhah pesenan sanès, Mozart saweg saged nyerat requiem punika rikala sangsaya sakit badanipun ngantos séda. Pungkasanipun karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr. Piyambakipun salah satunggiling siswanipun.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.