Yakobus
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Layang Yakobus ditujokaké marang "kabèh umat Gusti Allah sing kasebar saubenging donya". Mawi nganggo pirang-pirang paribasa, Yakobus ing jero layangé mènèhi pirang-pirang wejangan lan pedhoman praktis kanggo wong Kristen bab tatakrama lan tingkah laku Kristen.
Saka sudhut pandhang Kristen dhèwèké medaraké pirang-pirang pokok kaya ta prakara sugih lan mlarat, panggodha, tatalaku becik, prasangka, iman lan palakonan, ucapan-ucapan tutuk, kawicaksanan, padu lan sabanjuré.
Layang iki uga mènèhi penekanan yèn wong sing nglakokaké agama Kristen, iman kudu dibarengi tingkah laku.
[sunting] Isi
- Pambuka 1:1
- Iman lan kawicaksanan 1:2-8
- Bab mlarat lan sugih 1:9-11
- Pancoba lan panggodha 1:12-18
- Ngrungokaké lan tumindhak 1:19-27
- Wewekas supaya aja mbéda-bédakaké wong 2:1-13
- Iman lan tingkah laku 2:14-26
- Wong Kristen lan ucapan-ucapan tutuké 3:1-18
- Wong Kristen lan donya 4:1--5:6
- Pirang-pirang wejangan 5:7-20