Berlin Wetan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Berlin Wétan iku bagéyan saka sèktor Uni Sovyet ing kutha Berlin ing Jerman. Berlin Wétan iku ibu kutha Jerman Wétan. Saka tanggal 13 Agustus 1961 nganti 9 November 1989 kutha iki dipisahaké saka Berlin Kulon déning Tembok Berlin. Wong Jerman Wétan biyasané ngarani kutha iki Berlin waé utawa Berlin, Hauptstadt der DDR (='Deutschen Demokratischen Republik) (Basa Jerman:Berlin, ibu kutha Républik Démokratis Jèrman ).
Berlin Timur nduwéni 'kacamatan-kacamatan':
- Friedrichshain
- Hellersdorf
- Hohenschönhausen
- Köpenick
- Lichtenberg
- Marzahn
- Mitte
- Pankow
- Prenzlauer Berg
- Treptow
- Weißensee
Ing tanggal 3 Oktober 1990 Jerman Kulon lan Jerman Wetan dadi siji manèh dadi Berlin Wetan namung dadi sajarah waé.