Gréja Yesus Sajati
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Gréja Yesus Sajati iku sawijining gréja non-dhénominasi (mandhiri) sing diadegaké ing Beijing, Tiongkok taun 1917. Gréja iki olèhé wiwit ing Tiongkok taun 1900-an, ing antarané gréja-gréja Protèstan, kamangka idéologiné adhedhasar Gerakan Pantékosta.
Ing 1939, Injil wiwit dikhotbahaké ing Indonesia lan Gréja Yesus Sajati wiwit diadegaké ing Indonesia.
Taun 1967, Paguyuban mancanegara Gréja iki dibangun ing Los Angeles, Amérika Sarékat. Kabèh anggota Gréja iki ana kira-kira 1,5 juta lan anggotané kasebar ing 5 benua.
[sunting] Kasepuluh prakara kaparcayan
Kasepuluh kaparcayan Gréja Yesus Sajati sing wigati dhéwé iku:
1. Gusti Yesus Kristus, Sabda sing dadi daging, iku séda ing kayu salib kanggo nebus wong-wong dosa, banjur wungu manèh ing dina kaping telu lan mikrad ing swarga. Mulané panjenengané satunggal-tunggalé juru Slamet Manungsa, Pancipta Langit dan Bumi, lan satunggal-tunggalé Allah sajati
2. Alkitab iku terdiri saka Prajanjian Lawas dan Prajanjian Anyar, sing diilhami déning Allah, lan siji-sijiné kabeneran Alkitabiah, lan ukuran kanggo uripé wong Kristen.
3. Kaslametan diparingaké déning anugrah Allah liwat Iman. Wong sing percaya kudu ngandalaké Roh Kudus Suci kanggo urip ing kasucèn, kanggo mumulèni Allah, lan kanggo nresnani pepadhané manungsa.
4. Baptisan banyu iku sakramèn kanggo ngilangi dosa kanggo lair manèh. Baptisan kudu dilakokaké ing banyu sing mili cara alami, kaya ta kali, segara, utawa sumber banyu. Pembaptis sing wis nampa baptisan banyu lan baptisan Roh Suci, nglakokaké baptisan ing Asmaning Gusti Yesus Kristus.
5. Panampan Roh Suci, sing dibuktèkaké nganggo basa roh iku jaminané wong kanggo olèh Keraton Sorga.
6. Sakramèn pangumbahan sikil bisa nggawé wong kanggo mélu njupuk bagéyan barengan karo Gusti Yesus Kristus. Sakramèn iki uga nduwé fungsi dadi tali sing terus-terusan nalèni wong yèn kudu nduwé katresnan, kasucèn, kerendahan hati, pangampunan lan paladènan.
7. Perjamuan kudus iku sakramèn kanggo ngèling-èlingi sédané Gusti Yesus Kristus. Prakara iki nggawé wong bisa njupuk bagéyan ing daging lan getihé Gusti Allah lan bisa manunggal karo Gusti supaya olèh urip langgeng lan bangkit manèh nalika kiyamat. Sakramèn iki dianakaké sakerep-kerepé.
8. Dina Sabat iku dina kaping pitu (Sabtu), lan dianggep dina suci sing dibrekati lan disucèkaké déning Gusti Allah. Dina Sabat kudu diélingi ing ngisoré anugrah Gusti Allah kanggo ngéling-éling panciptan lan kaslamatan saka Gusti Allah, lan karo pangarepan palèrènan lestari ing urip sawisé mati.
9. Gréja Yesus Sajati, diadegaké déning Pangérané awaké dhéwé; Gusti Yesus Kristus, liwat Roh Suci nali 'udan pungkasan', yaiku gréja karasulan sajati sing dipulihaké manèh.
10. Tekané Pangéran sing kaping pindho iku bakal ana ing akiré jaman, nalika Panjenengé medhun saka swarga kanggo ngakimi donya: wong-wong bener bakal olèh urip lestari, kamangka sing ala bakal diukum sasuwé-suwéné.
[sunting] Pranala jaba
- (En) The True Jesus Church
- (Id) Situs resmi