Karajan Majapahit
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Karajan Majapahit wiwit dibangun taun 1293 M ing Jawa Wetan. Karajan iki nguasani mèh kabèh pulo Jawa, Madura, Bali, lan dhaerah liyane ing Nusantara. Majapahit iki karajan gedhé pungkasan sing nganut agama Hindu-Buddha ing Nusantara.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Taun 1292 Singasari dikuasai keturunan karajan Kadiri yaiku Jayakatwang, salahsijining keturunan Singasari yaiku Raden Wijaya nyingkir neng pulo Madura ning dening penguasa Madura yaiku Aria Wiraraja, Raden Wijaya disaranake pura-pura ngabdi karo Jayakatwang. Jayakatwang nerima Raden Wijaya lan dihadiahi sebidang lemah ing dhaerah Tarik. Dhaerah Tarik iki dadi cikal bakal karajan Majapahit. Ing akhir taun 1293 Raden Wijaya manfaatake tentara Kubilai Khan sing arep nyerang Singasari (Kertanegara), koalisi tentara Cinten karo pengikut Raden Wijaya iki brasil ngalahke Jayakatwang sing dening tentara Cinten dikira Kertanegara. Raden Wijaya uga ngalahke tentara Kubilai Khan wektu acara pesta kemenangan lawan Jayakatwang.
[sunting] Raja-raja
- Raden Wijaya 1293 - 1309
- Jayanegara 1309 - 1328
- Bhre Kahuripan 1328 - 1350
- Hayam Wuruk 1350 - 1389
- Wikramawardhana 1389 - 1429
- Suhita 1429 - 1447
- Kertawijaya utawa Brawijaya I 1447 - 1451
- Rajasawardhana utawa Brawijaya II 1451 - 1453
- Purwawisesa utawa Girishawardhana utawa Brawijaya III 1456 - 1466
- Pandanalas utawa Suraprabhawa utawa Brawijaya IV 1466 - 1968
- Bhre Kertabhumi utawa Brawijaya V 1468 - 1478
- Girindrawardhana utawa Brawijaya VI 1478 - 1498
[sunting] Sumber sajarah
- Kitab Pararaton. Sejatine kitab iki nyeritaake Ken Arok ning uga ana catetan kebentu'e Majapahit.
- Kakawin Nagarakretagama
- Prasasti
- Catetan sajarah saka Cinten
[sunting] Majapahit ambruk
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub).
Sinten kémawon ingkang kagungan karsa mbenakaken, sumangga kémawon.
Karajan Pangjalu II (Jayakatwang) > Karajan Majapahit > Kasultanan Demak |
|
|
---|---|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |