Karajan Medang
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Karajan Medang iki lanjutan saka karajan Mataram Kuna sing pindah ing Jawa Wetan. Karajan iki diprentah dening wangsa Isyana sing dibangun dening Mpu Sindok taun 929 M. Ibukutha karajan anyar iki ing Watugaluh yaiku dhaerah ing pinggir kali Brantas kira-kira ing Kabupaten Jombang saiki.
Ing jaman awal karajan iki dibangun, Mpu Sindok dadi pimpinan sisa-sisa prajurit Mataram kuna kanggo nahan serangan saka karajan Sriwijaya. Ing peperangan iki Mpu Sindok entuk dukungan saka rakyat, mulane ing taun 937 M, Mpu Sindok mbangun prasasti Jaya Stamba (kadhang diarani prasasti Anjuk Ladang) kanggo ngucapke selamat kanggo rakyate uga mbangun candhi Lor kanggo peringatan kemenangan ing peperangan iku.
Kanggo njalanake pemerentahan, Mpu Sindok dibantu istri-istrine yaiku Rakryan Sri Parameswari Sri Wardhani Pu Kbi lan Rakryan Mangibil, iki kecatet ing prasasti Bakalan sing dibangun taun 934 M. Kanggo ngatur wewenang pejabat-pejabat kerajaan uga diatur dening Mpu Sindok lan iki ana kecantum ing prasasti Turyyan sing dibangun taun 929 M.
[sunting] Karya Sastra
Mpu Sindok seliyane ahli strategi perang lan pemerentahan uga nduwe perhatian ing donya elmu. Karya sastra sing ditulis ing jaman iki antarane:
- Kitab Sang Hyang Kamahayanikam
- Kitab Brahmandapuruna
[sunting] Panguasa karajan Medang
- Mpu Sindok (929-947)
- Sri Isyana Tunggawijaya
- Sri Makutawangsawardhana
- Dharmawangsa (985-1006)
[sunting] Karajan Medang ambruk
Ing taun 1006, karajan iki diserang karajan Sriwijaya, istana Watugaluh ambruk lan raja Dharmawangsa tewas. Kaluarga kraton sing selamat antarane ponakan Dharmawangsa yaiku Airlangga (putra Mahendradatta utawa putu Sri Makutawangsawardhana).
Taun 1019 M, Airlangga mbangun karajan anyar yaiku karajan Kahuripan.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub).
Sinten kémawon ingkang kagungan karsa mbenakaken, sumangga kémawon.
Karajan Mataram Kuna > Karajan Medang > Karajan Kahuripan |
|
|
---|---|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |