Karajan Pangjalu
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Karajan Pangjalu utawa kadhang disebut karajan Kadiri utawa karajan Daha, iku salahsijining pecahan saka karajan Kahuripan seliyane karajan Jenggala. Karajan iki anane ing sisih kidul Jenggala lan ora nduwe garis pantai. Karajan iki brasil tumbuh dadi karajan sing gedhe, wilayah pengaruhe nganti ing pantai-pantai Kalimantan uga Ternate. Karajan sedulure yaiku Jenggala uga dikuasai yaiku wektu pemerentahan raja Kameswara sing mrentah wiwit taun 1116 M nganti 1136 M liwat perkawinan antara Kameswara sing wektu iku esih dadi putra mahkota karo Dewi Kirana putri saka Jenggala.
Ibukhuta karajan Pangjalu iku ing Daha.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sumber sajarah
Sumber sajarah karajan iki ana ing prasasti:
- Prasasti Banjaran
- Prasasti Hantang
Seliyane iku uga ana kitab-kitab saka Cinten sing nyritaake karajan iki yaiku:
- Kitab Ling-mai-tai-ta sing ditulis dening Cho-ku-Fei tahun 1178 M
- Kitab Chu-Fan-Chi sing ditulis dening Chau-Ju-Kua tahun 1225 M
Sumber sajarah liya yaiku saka karya-karya sastra sing ditulis ing jaman Kadiri.
[sunting] Seni lan sastra
- Kakawin Smaradahana ditulis ing jaman Kadiri iki dening Mpu Dharmaja
- Kakawin Bharatayuddha digubah dening Mpu Sedah lan Mpu Panuluh.
- Kitab Hariwangsa lan Kitab Gatotkacasraya ditulis dening Mpu Panuluh
- Kitab Lubdaka lan Kitab Wertasancaya ditulis dening Mpu Tan Akung
- Kitab Kresnayana ditulis dening Mpu Triguna
- Kitab Sumanasantaka ditulis dening Mpu Monaguna
[sunting] Jayabaya
[sunting] Kadiri ambruk
Akeh sing dadi faktor penyabab Karajan Pangjalu ambruk, antarane:
- gaya pemerentahan Prabu Kertajaya sing kurang didukung rakyat
- pergolakan politik ing dhaerah-dhaerah kayatha ing dhaerah Tumapel (cedhak Malang)
- kultus individu rajane sing nyebabake para Pandita Brahmana marah
Pergolakan politik ing Tumapel akhire nyebabake karajan Kediri dikuasai Ken Angrok sing lantes mbangun karajan Singhasari ing wilayah karajan Pangjalu, status Pangjalu dadi karajan bawahan.
[sunting] Kerajaan Pangjalu Jilid II
Kerajaan Pangjalu (jilid II) iki kelanjutan saking karajan Kadiri sing dadi bawahan karajan Singhasari lan dipimpin dening Jayakatwang.
Ing taun 1292 M, salahsijining keturunan kraton Pangjalu yaiku Jayakatwang brasil mbalik ngrebut kekuasaan neng Singhasari, Jayakatwang lantes mbangun maneh karajan Kediri (jilid II). Ing taun 1293 Karajan Kadiri pimpinan Jayakatwang iki akhire direbut maneh dening katurunan kraton Singhasari yaiku Raden Wijaya.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub).
Sinten kémawon ingkang kagungan karsa mbenakaken, sumangga kémawon.
Karajan Kahuripan > Karajan Pangjalu > Karajan Singhasari > Karajan Pangjalu (Jayakatwang) > Karajan Majapahit |
|
|
---|---|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |