Karajan Singhasari
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Karajan Singhasari, iku salahsiji karajan neng Jawa Wetan sing dibangun dening Ken Angrok, pusat karajan iki neng dhaerah Tumapel (saiki mlebu neng wilayah Kabupaten Malang). Dhaerah Tumapel iku mung kalebu wilayah kakuasaan Kadiri lan dipimpin dening Tunggul Ametung ning brasil dikuasai Ken Angrok.
[sunting] Sajarah
Karajan iki dibangun wektu karajan Kadiri diprentah dening raja Kertajaya. Ana kemelut politik ing karajan Kadiri sing akhire dimanfaatake dening Ken Angrok sing kerjasama karo kaum oposisi ing Kadiri. Ken Angrok brasil ngerebut tahta Kadiri taun 1222 lan mbangun karajan anyar yaiku Singhasari.
[sunting] Raja-raja Singhasari
- Ken Arok taun 1222 nganti 1227
- Anusapati taun 1227 nganti 1248
- Tohjaya taun 1248
- Ranggawuni lan Mahesa Cempaka taun 1248 nganti 1268
- Kertanegara taun 1268 nganti 1292
Raja-raja Singhasari iku munggah tahta umume liwat pembunuhan merga dendam, rebutan kekuasaan keturunan Ken Arong iki dicrita'ake ing kitab Pararaton.
[sunting] Singhasari ambruk
Ing taun 1292, salahsiji panguasa dhaerah yaiku Jayakatwang (esih keturunan raja-raja karajan Kadiri) mbrontak lan raja Kertanegara tewas. Peperangan iki kecatet ing Prasasti Kudadu sing ditemo'ake ing lereng Gunung Butak, Mojokerto. Sing brasil selamat saka peperangan iki antarane yaiku Raden Wijaya, mantu Kertanagara.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub).
Sinten kémawon ingkang kagungan karsa mbenakaken, sumangga kémawon.
Karajan Pangjalu > Karajan Singhasari > Kerajaan Pangjalu (Jayakatwang) > Karajan Majapahit |
|
|
---|---|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |