Albert Einstein
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Albert Einstein (Ulm, Württemberg, Jerman, 14 Maret 1879–18 April 1955) punika saged dipunanggep ngèlmuwan fisika teoretis ingkang ageng piyambak ing abad ka-20. Piyambakipun ingkang manciptakaken teori relativitas kaliyan ugi kathah nyumbang ing widhang pangembangan teori mekanika kuantum, mekanika statistik, kaliyan kosmologi. Ing warsa 1921 piyambakipun angsal panganugrahan Nobel ing Fisika kanggé wedaranipun prakawis efek fotoelektrik kaliyan "pengabdenipun marang Fisika Teoretis".
Satelasipun teori relativitas umum dipunrumusaken, Einstein dados misuwur saubenging donya. Prakawis punika mboten biasa kanggé para ngèlmuwan. Ing wayah sepuhipun, anggènipun misuwur nglangkungi sedaya ngèlmuwan ing sajarah fisika. Ing budaya populèr Einstein kaanggep sinonim kaliyan kapinteran utawi malahan kaliyan jenius. Pasuryanipun dados ingkang salah satunggil ingkang dipuntepangi sadonya. Ing warsa 1999, Einstein "Tiyang Abad Sapunika" déning majalah Time. Kapopulèranipun ugi ndamel nami "Einstein" wiyar dipun-gunakaken ing donya iklan saha barang dagangan sanès. Wusananipun nami "Albert Einstein" dipundaftaraken dados merk dagang.
Kanggé memulèni, satunggiling unit fotokimia dipunwastani einstein, satunggiling unsur kimia dipunwastani einsteinium, saha satunggiling asteroid dipunwastani 2001 Einstein.
Rumus Einstein ingkang misuwur piyambak:
[sunting] Babad slira
Einstein miyos ing Ulm, Württemberg, Jerman; kirang langkung 100 km sisih wétan Stuttgart. Bapanipun anami Hermann Einstein, satunggiling bakul kranjang wulu ingkang lajeng nyambut damel ing widhang elektrokimia, saha ibunipun anami Pauline. Kakalihipun émah-émah ing Stuttgart-Bad Cannstatt kaliyan taksih turunan Yahudi. Albert sekolah wonten sekolah Katholik kaliyan déning kapénginan ibunipun lajeng sinau main biolah.
Nalika yuswanipun gangsal, bapanipun nedahi kompas kanthong, kaliyan Einstein lajeng sadar menawi wonten prakwis ing kamar "suwung" punika ingkang saged ngobahaken dom kompas punika. Piyambakipun lajeng medaraken menawi pangalaman punika dados salah satunggiling wanci sagesangipun ingkang berkesan piyambak.
Einstein émah-émah kaliyan Mileva Marić, tiyang èstri saking Serbia.
Amarga wonten Jerman tiyang Yahudi dipunkuya-kuya ing dasawarsa 1930-an, Einstein sakulawargi dhateng Amerika Serikat. Wonten riku piyambakipun manggèn ngantos sédanipun ing 1955. Sabibaripun Perang Donya II, Einstein dados aktif ing widhang Perdamaian Dunia, amargi rumaos menawi gagasan-gagasanipun dipunsalah-gunakaken kanggé ndamel gaman nuklir ing Perang Donya II punika.
[sunting] Uga pirsani liyane
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.