Basa Sansekreta
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Basa Sansekreta (Samskrtavāk) | |
---|---|
![]() |
|
Dipituturake ing: | Asia |
Tlatah: | Asia Kidul lan Asia Kidul-Wetan |
Cacah panutur: | basa mati (basa liturgis) |
Tingkat: | Ora ana ing top 100 |
Rumpun Basa Klasifikasi: |
Indo-Eropa Indo-Arya |
Status Resmi | |
Basa Resmi: | India |
Kodhe Basa | |
ISO 639-1 | sa |
ISO 639-2 | san |
SIL | SKT |
Basa Sansekreta utawa basa Sangaskreta iku salah sijining basa Indo-Eropah sing lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu sing dawa dhéwé. Basa sing bisa nandhingi 'umur' basa ini saka rumpun basa Indo-Eropah mung basa Hitit. Tembung Sansekreta, ing basa Sansekreta Saṃskrtabhāsa tegesé basa sing sampurna. Karepé, tandhingané basa Prakerta, utawa basané wong cilik sing ora tau sinau.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Status
Basa Sansekreta ing kala mbiyèn digunakaké kanggo nulis sadurungé basa Jawa dienggo. Mula saiki akèh banget tetembungan saka basa Sansekreta sing kalebu ing kosakata dhasar basa Jawa. Tetembungané iki kaya ta: sida, saba, séla lan sabanjuré. Ing basa Jawa Kuna, tetembungan Sansekreta saya akèh manèh. Miturut Profésor Piet Zoetmulder, kurang luwih separo saka 25.000 èntri ing bausastra Jawa Kunané (Zoetmulder 1982), iku tembung Sansekreta.
[sunting] Kasus
Salah siji ciri-ciri utama basa Sansekreta iku anané kasus ing basa iki, sing cacahé 8. Banjur ana kelamin ing basa iki; maskulin, feminin lan netral serta telung modhus cacah, singular, dualis lan jamak:
- kasus nominatif
- kasus vokatif
- kasus akusatif
- kasus instrumentalis
- kasus datif
- kasus ablatif
- kasus genetif
- kasus lokatif
Ing ngisor iki mawa conto disajèkaké kabèh kasus satunggaling tembung singular deva (Déwa, Gusti utawa Raja).
Singular:
- nom. devas arti: "Déwa"
- vok. (he) deva arti: "Hé Déwa"
- ak. devam arti: "menyang Déwa" 'lsb.
- inst. devena arti: "karo Déwa" lsb.
- dat. devāya arti: "kagem Déwa"
- ab. devāt arti: "saka Déwa"
- gen. devasya arti: "kagungan Déwa"
- lok. deve arti: "ing Dewa"
Dualis:
- nva devau
- ida devābhyām
- gl devayos
Jamak:
- nv devās
- a devān
- i devais
- da devebhyas
- g devānām
- l deveṣu
[sunting] Gambar
[sunting] Uga delengen
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.