Islam
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Islam iku agama sing paling akeh pengikute ing tanah Jawa. Panyebaran Islam kondhang ing astane Wali Sanga, yakuwi ustadz (pemimpin agama islam) sing cacahe sanga. Iku kasebut wali amarga wali iku tegese wakil. Ing bab iki tegese wakile Gusti Allah. Sumrambahe Islam agawe agama Hindhu kang maune kawentar ing Jawa banjur sumingkir menyang Bali.
Salah siji karaton Islam ing Tanah Jawa sing kasil ngetrapke ajaran-ajaran Islam ya kuwi kerajaan Demak Bintara.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tembung Islam
Ing basa Arab, Islam nduwe arti pasrah awak lan uga sawijining Din (agama) kan artine pranatan utawa sistem (QS 3:83). Yen dirunut asal-usule, tembung iki katedhak seka tembung kang padha karo salãm kang artine santosa (damai) lan asring dienggo ing panyapan bebrayan.
[sunting] Kapercayan
[sunting] Kalimah Syahadat
Wong kang sinebut muslim (wong kang ngenut agama Islam) iku wiwitane kudu percaya marang rong perkara, yaiku: nyekseni yen ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan percaya yen Nabi Muhammad dadi caraka (utusan) Allah ing bumi kang pungkasan. Pranyatan iki kanthi nyebut kalimah sahadat yaiku la ilaha illa-llahu; muhammadu-r-rasulu-llahi.
Kanggone wong Islam, rasul wiwit Nabi Adam iku nggawa pawarta ngenani Islam. Lan kang dadi rasul pungkasan iku Nabi Muhammad. Nabi kang lair ing Mekkah iki nggawa pustaka suci kang sinebut Al Qur'an.
[sunting] 5 Rukun Islam
Para ulama netepke yen saben muslim kudu ngugemi 5 azas kang sinebut rukun Islam:
- Ngucap kalimah syahadat lan narima apa kang kasebut ing njerone ukara iki lan ngugemi sunah (pranatan lan pocapan) Nabi Muhammad.
- Nglakoni sholat limang wektu sedina.
- Pasa ing wulan Ramadhan.
- Ngetoake zakat.
- Lunga kaji kanggo sing bisa.
[sunting] 6 Rukun Iman
Muslim uga kudu percaya marang 6 perkara kang sinebut 6 Rukun Iman
- Iman marang Allah
- Iman marang malaikat
- Iman marang kitab suci Al-Qur'an
- Iman marang nabi dan Rasul Allah
- Iman marang dina akhirat
- Iman marang qada dan qadar
[sunting] Doktrin
[sunting] Tauhid
[sunting] Al Quran
Muslim kudu percaya yen Al Qur'an iku puncak lan panutup wahyu Allah kanggo manungsa. Ajaran iki diturunkan marang Nabi Muhammad SAW kanthi caraka Malaikat Jibril. Yen dirunut seka ngelmu basa, Al Qur'an iku artine "wewacan" utawa "kang diwaca bola-bali." Ukara iki seka qara'a kang maknane "maca". Penganggo ukara iki bisa disumurupi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.
[sunting] Demografi
[sunting] Uga Delengen
[sunting] Pranala jaba
- Muslim, Situs Belajar AlQur'an dan AsSunnah Berdasarkan Pemahaman Shahabat
- AL-IKHWAN.NET
- Majelis Ulama Indonesia (MUI)
- Ikatan Cendekiawan Muslim Indonesia (ICMI)
- Badan Amil Zakat, Infak dan Sedekah (BAZIS) DKI Jakarta
- Portal Islam Eramuslim
- Pusat konsultasi dan informasi syariah, SyariahOnline
- AL-IKHWAN.NET, Situs kajian Islam berlandaskan Al-Qur'an dan As-Sunnah.
- Lembaga Bina Mualaf Indonesia (Mualaf Center Online)
- Unit Kegiatan Mahasiswa Islam Hudzaifah Universitas Trisakti
- Islam di Eropa Barat
- Islam di Asia Selatan
- Islam Blog
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.